2. PRAJURIT WIRABRAJA
Prajurit Wirabraja utawi saget dipunsebat Perajurit Lombok Abang amargi ngagem
tudhung abrit lan bentukipun kados lombok abrit.
Wirabraja miterat basa asalipun saking wira ateges wantun lan braja ateges lincip.
Miterat filosofis wirabraja maknanipun inggih menika prajurit ingkang langkung
wantun nalika nlgawan musuh lan awas mripat lan kupinge. Kukuh nalika mbela
kebecikan lan mboten gampang nyerah nalika musuh nyerang.
Nalika perang, prajurit wirabraja wonten ing ngajeng dados pioner kangge abdi
dalem prajurit sanesipun.
3. Seragam Abdi Dalem Perajurit Wirabraja menika wonten tiga inggih menika :
1. Pangkat Panji utawi Perwira
2. Pangkat Bekel utawi Bantara
3. Pangkat Jajar utawi Perajurit
4.
5. 1. Pangkat Panji
Bentenipun inggih menika wonten hiasan/ renda/ bordiran emas ingkang langkung
kathah menawi pangkatipun langkung inggil. Udheng utawi Iket nginakaken Batik motifipun
Hima Krendha lan Lonthong utawi Sabuk diagem ing mblebet.
2. Pangkat Bekel
Mboten wonten aksesoris renda atau bordiran emas. Anamung kangge Udheng lan
Lonthong kadosta Pangkat Panji inggih menika nginaaken Batik. Udhengipun nginakaken
Batik motif Hima Krendha lan Lonthong nginakaken Batik motif Cinde. Busana menika
kangge prajurit ingkang mbeto tombak (tanpo tas alit lan bedhil kejawi pangkatipun Jajar).
3. Pangkat Jajar
Mboten wonten aksesoris renda atau bordiran emas. Udheng ingkang werninipun
Ungu polos lan Lonthong werninipun abritpolos. Wonten tambahan tas alit kangge wadah
peluru. Sragam niki dingge kagem sedaya prajurit tombak lan bedhil kejawi ingkang
pangkatipun Bekel (2 prajurit).
Perkampungan
Prajurit Kraton Ngayogyakrta Hadiningrat dipapanaken wonten papan ingkang
sampun disediyaaken. Prajurit Wirabraja wisma nipun dipindah lan dipapanaken wonten
sebelah kulon bagian ler saking benteng kraton. Papan prajurit Wirabraja ngantos sepriki
taksih wonten trep kaiyan nami desanipun.
Desa Prajurit Wirabraja kasebat Wirabrajan.
Sumber:
http://begawanariyanta.wordpress.com/2012/08/26/penataan-barisan-abdi-dalem-perajuritwirabraja/
http://pamitra.blogspot.com/2013/10/prajurit-kraton-yogyakarta.htm