1. cahmbanjar
BAB I
PURWAKA
Bab "Pedhalangan Gagrag Banyumas" sajatosipun sampun dangu dados rembag ing
kalanganing bebrayan pewayangan. Namung kemawon ing kanyatanipun punapa ingkang dipun
wastani "Pedhalangan gagrag Banyumas" punika mboten gampil kaandharaken kanthi pratitis. Ing
kalanganing para sedherek ingkang asal saking njawi rangkah Banyumas, nanging ugi kalebet
sedherek Banyumas piyambak kathah ingkang sami gadhah panganggep bilih ingkang sinebat
"Pedhalangan Gagrag Banyumas" punika mboten sanes inggih Pedhalangan Gagrag Surakarta utawi
Ngayogyakarta ingkang kawewahan Bawor tuwin lagu Kembang Lepang saha gendhing-gendhing
Banyumasan sanesipun. Malah para seniman dhalang Banyumas piyambak ugi sami dereng
gumolong pamanggihipun ing bab pangertosan Pedhalangan Gagrag Banyumas wau.
Ingggih awit saking kawontenan ingkang makaten wau ingkang lajeng nuwuhaken ada-ada
ngawontenaken parepatan Koordinasi GANASIDI sakukuban tilas karesidhenan Banyumas,
manggen wonten ing pandhapi kawedanan Bukateja nalika tanggal 21 April 1979, kanthi jejering
rembag "Tumuju dhateng manunggaling Pedhalangan Gagrag Banyumas". Salah satunggaling
putusaning parepatan inggih punika sami rumojong badhe sesarengan ngimpun "Pathokan
Pedhalangan Wayang Purwa Gagrag Banyumas". Panitya lajeng kadhapuk ingkang jangkepipun
kasebat "Panitya Pangimpun Pathokan Pedhalangan Wayang Purwa Gagrag Banyumas". Wondene
pratelan nama-namanipun ingkang sami tumut ngimpun saged kawaos ing lampiraning naskah
punika.
Sesampunipun tumindak kirang langkung setahun sarana ngawontenaen parepatan jangkep
ingkang rambah kaping sekawan saha rapat-rapat ingkang dipun ayahi dening para dhalang tuwin
para paranpara pamonging pawayangan Banyumas, ingkang kapantha-pantha miturut babagan
garapanipun piyambak-piyambak, wasana saged kasembadan mujudaken naskah "Pathokan
Pedhalangan Gagrag Banyumas" punika.
"Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas" punika tamtunipun dereng jangkep, punapa malih
yen kaanggep sampurna tamtu dereng paja-paja sanget. Pramila taksih perlu dipun jangkepi sarana
andharan warni-warni ingkang perlu kasumurupan dening para dhalang Banyumas. Kajawi punika
ancasing pandhapukipun naskah punika taksih winates sanget, inggih punika namung badhe suka
sarana mamrih manunggaling Pedhalangan Gagrag Banyumas kanthi ngimpun pathokan-pathokan
ingkang kawawas sami tumrap cak-cakaning pakeliran gagrag Banyumas. Bakuning isinipun
naskah punika kawrat wonten ing Bab IV inggih punika bab "Wewaton caking pakeliran".
Wondene ingkang kapacak ing bab-bab sanesipun arupi samukawis andharan ingkang perlu
1
2. cahmbanjar
kasumurupan dening para dhalang, kadosta Bab II ngewrat Sejarah mekaripun pedhalangan gagrag
Banyumas ingkang tundhonipun suka seserepan bab asal-usuling seni pedhalangan ing laladan
Banyumas. Bab V dumugi Bab IX ngewrat katrangan warni-warni minangka jangkeping kawruh
bab pakeliran.
Pathokan punika kajawi minangka sarana mamrih manunggaling pedhalangan gagrag
Banyumas ugi kaangkah sageda kangge tuntunaning para dhalang Banyumas supados saged
nindakaken cak-cakaning pakeliran miturut cara ingkang baku. Kanthi mekaten para dhalang wau
lajeng saged mangertos saestu ing bab Pedhalangan Gagrag Banyumas tuwin leregipun lajeng sami
saged nggelaraken Pedhalangan Gagrag Banyumas kanthi gumathok.
Ing nginggil sampun kaandharaken bilih naskah punika taksih dereng paja-paja jangkep utawi
sampurna. Pramila taksih kedah dipun jangkepi. Miturut rancangan, naskah-naskah "Pathokan
Pedhalangan Gagrag Banyumas" jilid II ugi badhe enggal kagarap, semanten ugi jilid III tuwin
salajengipun, ingkang ngewrat seserepan maneka warni. minangka jangkeping isinipun naskah
"Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas" jilid I punika.
2
3. cahmbanjar
SEJARAH MEKARIPUN SENI PEDHALANGAN. BANYUMASAN
1. Umum
2. Sejarah mekaripun Seni Pewayangan ing Indonesia:
a. Jaman Dyah Balitung
b. Jaman Prabu Darmawangsa
c. Jaman Prabu Airlangga
d. Jaman Kediri
e. Jaman Majapahit
f. Jaman Demak
g. Jaman Pajang
h. Jaman Mataram Islam
i. Jaman Plered
3. Sejarah mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas
3
4. cahmbanjar
BAB II
SEJARAH MEKARIPUN SENI PEDHALANGAN BANYUMASAN
1. Umum
Saderengipun angadani ndhapuk Pathokan Pedhalangan Gagrag lianyumas, wonten
prayoginipun bilih langkung rumiyin nalusur riwayat latah-larahipun tuwin tuwuh ngrembakanipun
Seni Pedhalangan ing tlatah Banyumas. Prekawis punika wigatos sanget amrih saged netepaken
kawontenan salugunipun Pedhalangan Banyumas, kados ingkang kasrambah samangke punika.
Mekar ngrembakanipun seni pedhalangan ing tlatah Banyumas estunipun mboten uwal saking
tuwuh saha ngrembakanipun seni pedhalangan ingkang sipatipun mratah ing saindhenging tlatah
Indonesia.
Sarehning prabot utawi tetilaran serat-serat minangka tandha yektinipun tuwuhing seni
pedhalangan ing tlatah Banyumas radi rekaos anggenipun angupados, pramila radi rekaos ugi
anggenipun badhe netepaken riwayat tuwuhipun sarta ngrembakanipun. Awit saking punika
paripaksa pancadan saking "teori" pangothak-athik sarta pangentha-entha adhedhasar golonging
rembagipun para empu pedhalangan Banyumas, kados taksih perlu kataliti malih kayektinipun.
Cundhuk kaliyan atur sakawit, ingkang badhe dipun cakaken inggih punika :
a. Naliti sejarah tuwuhing Seni Pewayangan ingkang nyakup sadayanipun ing saindhenging
tlatah Indonesia, kanthi migunakaken prabot-prabot methik saking babon utawi sumber
ingkang taksih kasrambah;
b. Pandugi-dugi sejarah larah-larahipun sarta tuwuhing Seni Pedhalangan ing tlatah Banyumas,
ingkang alandhesan prabot-prabot kasebat ing nginggil.
2. Sejarah mekaripun Seni Pewayangan ing Indonesia
Kados ingkang sampun katur ing nginggil sejarah mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag
Banyumas mboten saged uwal saking sejarah pangrembakanipun Seni Pedhalangan ing
saindhenging Indonesia. Mila saderengipun katur mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas,
ing bagian punika badhe katur langkung rumiyin sejarah tuwuh tuwin mekaripun Seni Pewayangan
ing Indonesia miturut prabot-prabot utawi tetilaran serat-serat sarana babon utawi sumber ingkang
taksih sumrambah, urut jamanipun inggih punika:
a. Jaman Dyah Balitung (898-910 M)
Kasebat bilih ing jamanipun Dyah Balitung, nata binathara ing praja Mataram Hindu,
Serat Ramayana abasa Sansekerta ingkang asalipun saking India saged kaimpun saha
kaserat mawi basa Jawi Kina utawi Basa Kawi.
4
5. cahmbanjar
b. Jaman Prabu Darmawangsa (991-1016 M).
Ing jamanipun Prabu Darmawangsa punika Serat Mahabharata ingkang asalipun wonten
18 parwa saged karakit mawi basa Jawi Kina dados 9 parwa.
c. Jaman Prabu Airlangga (1019-1042 M).
Jaman Airlangga punika wonten cihna mekar lan ngrembakanipun kasusastran Jawi
Kina, inggih punika dumadosipun Serat Arjunawiwaha ingkang karakit dening Mpu Kanwa
kala taun 1030.
d. Jaman Kediri (1042-1222 M)
Nata Kediri ingkang asmanipun sambet rapet kaliyan ngrembakanipun kasusastran
inggih punika Prabu Jayabaya (1135-1157). Inggih ing jamanipun Sri Jayabaya punika
pujangga Mpu Sedah ngrakit Serat Bharatayudha, ingkang salajengipun dipun rampungaken
dening Mpu Panuluh. Serat Hariwangsa punapa dene Serat Gathutkacasraya ugi yasanipun
Mpu Panuluh.
Malah-malah miturut gotekipun Serat Centhini, inggih Sri Jayabaya punika ingkang ada-
ada dhawuh damel gambar "wayang purwa" cinorek ing rontal wiwit saking gambaripun
Sanghyang Jagadnata dumugi Bambang Parikenan. Dipun sebat "wayang" jalaran wujud
ingkang badhe ginatra sampun ical, nanging lajeng kaentha-entha ing salebeting batos
ngantos nuwuhaken wewayangan ingkang cetha; kasebat "purwa" jalaran ingkang dipun
anggit nama samukawis ingkang sampun lalu mangsa.
e. Jaman Majapahit (1293-1528 M)
Taksih miturut gotekipun Serat Centhini, ing jaman awal Majapahit wewayangan ringgit
purwa dipun gambar mawi kertas Jawi, mawi dipun wewahi perangan-peranganing
pangangge. Kaleresan sanget dene ing jaman Majapahit akhir wonten putra nata ingkang
prigel sanget anyungging ngantos kawentar asma Raden Sungging Prabangkara. Dening
ingkang rama kadhawuhan nyungging praboting ringgit. Warni ingkang dipun pigunakaken
dipun cundhukaken kaliyan wujud saha tataran sarta pari-polahing ringgit. Sugengipun
Raden Sungging Prabangkara punika wonten ing sakiwa tengenipun taun 1380.
f. Jaman Demak (1500-1550 M)
Duk bedhahipun Majapahit ringgit beber Prabangkara dipun boyong dhateng Demak.
Raos sengsem dhateng karawitan tuwin pagelaran ringgit ingkang rujak sentul kaliyan
anggering agami Islam nuwuhaken penggalihan anyar menggahing gambar ringgit, inggih
punika mbucal wujud wewangunaning manungsa. Makaten penggalihanipun Sultan Syah
Alam Akbar I (Raden Patah) ingkang dipun sengkuyung dening para wali.
Ringgit purwa beber lajeng dipun ewahi, kadamel mawi wacucal maesa ingkang dipun
tipisaken. Dhasar warni pethak kadamel saking iladrening glepung balung, dene pangangge
5
6. cahmbanjar
dipun cet mawi mangsi. Wanda methok kadamel miring, mawi tangan radi panjang kadamel
saking irisaning wacucal, lajeng dipun gapit saha dipun simping. Ingkang damel tatananing
panyimping Sunan Bonang. Dene Sunan Prawata mewahi cacahing ringgit wujud raseksa
tuwin rewanda saha ngasta sawetawis balunganing lampahan. Liman tuwin prampogan
wewahan saking Raden Patah. Panyengkuyungipun Sunan Kalijaga rupi kelir, nggantos
kajeng panyimping mawi witing pisang, blencong, kothak tuwin kekayon utawi gunungan.
Sunan Kudus, dhalang ingkang moncer piyambak ing antawising para wali menawi
grengsenging pagelaran. Kajawi nglestarekaken suluk ugi kawewahan greget saut tuwin
ada-ada. Dene gangsa tetep slendro.
Sultan Trenggana ingkang mboten kirang-kirang pamarsudinipun trumrap
kamajenganing ringgit amrih mindhak sae saha mathis. Mripat, lesan tuwin talinganing
ringgit dipun bedhah. Salajengipun nalika Susuhunan Ratutunggal nyulihi Sultan
Trenggana, panjenenganipun nganggit ringgit sarana ngirangi panjang saha inggiling ringgit.
Mripat kadamel liyepan tuwin, thelengan, lan inggih ing jaman punika wiwitipun ringgit
mawi rada jene. Ringgitipun Susuhunan Ratutunggal punika kawentar nama Kidang
Kencana. Kajawi ringgit purwa Susuhunan Ratutunggal ugi yasa ringgit gedhog
salampahanipun ingkang manawi kagelaraken kairing gangsa pelog. Pagelaran ringgit
gedhog namung dipun adani wonten ing salebeting kraton, dene tumrap bebrayan njawi
Sunan Bonang nganggit ringgit Damarwulan.
g. Jaman Pajang (1568-1586 M)
Tandha kas ingkang tuwuh wiwit jaman Pajang inggih punika wiwitipun ringgit purwa
punapa dene ringgit gedhog dipun tatah mlebet mawi dhekok-dhekok. Ingkang winastan
pakem saking ringgit kekalih punika ugi wewah kathah. mBok bilih saking pakaryanipun,
pujangga kraton Pajang Tumenggung Sujanapura. Pambudidaya mbangun wujuding ringgit
purwa antawisipun nyundhukaken panganggening para paraga kaliyan wandanipun. Ratu
ngagem makutha utawi topongan; para satriya rambutipun dipun tata sae, mawi praba, mawi
sinjang utawi mawi clana.
Taksih wonten salebeting jaman Pajang Sunan Kudus ngadani ringgit golek saking
kajeng, dene Sunan Kalijaga ngadani ringgit topeng mendhet saking lampahan ringgit
gedhog, inggih punika cariyos Panji. Topeng ingkang kadamel sawatawis kathah, kadosta
topeng putri, Panji nem, Panji sepuh, Gunungsari, Prabu Klana, Andaga, Bugisan, Penthul,
Tembem lan sapanunggilanipun.
h. Jaman Mataram Islam
1) Jaman Panembahan Senapati (1582-1601 M)
6
7. cahmbanjar
Wonten tigang prakawis ingkang prayogi dipun pengeti inggih punika: rambuting
ringgit dipun tatah mawi pathokan saya nengah sangsaya alus; ringgit gedhog
kawewahan ngangge dhuwung; cacahing ringgit wewah bangsaning peksi tuwin kewan
kewanan.
2) Jaman Sultan Agung Anyakrawati (1601-1613 M)
Ringgit Kidang Mas utawi Kidang Kencana yasan Susuhun Ratutunggal jaman
Sultan Syah Alam Akbar III, dening Sultan Agung Anyakrawati kadhawuhan
nginggilaken saha manjangaken sakedhik. Menggah pathokanipun kapendhet sepalih
saking pidakaning ringgit. Dene ewah-ewahan ingkang mirunggan ing jaman punika,
ringgit purwa punapa dene gedhog mawi bau saha tangan trap-trapan. Kajawi misah,
tanganing ringgit ugi mawi cempurit. Ingkang pikantuk kawigatosan mirunggan inggih
punika Arjuna ingkang sinebat Kyai Jimat. Wewahan sanesipun wujud sawatawis
senjata arupi panah, dhuwung lan sapanunggilanipun. Kanjeng Sultan ugi karsa misuda
dhalang negari. Dene ingkang kapiji satunggaling dhalang saking Kedhu ingkang kala
samanten panci kalebet dhalang ingkang moncer piyambak tumraping pedhalangan
ringgit purwa punapa dene ringgit gedhog. Sasampunipun ewah-ewahan tumrap ringgit
Kidang Kencana rampung, Kanjeng Sultan karsa nganggit ringgit anyar minangka
sangkala memet wujud raseksa ramping kathah tingkah polahipun, winastan raseksa
Panyareng, ingkang ing padintenan kawentar nama Cakil, mengku sangkala: Nembah
gaman buta tunggal
3) Jaman Sri Sultan Agung Anyakrakusuma (1613-1645 M)
Ing jaman punika polaning ringgit karancang mekaten: Ubarampe tuwin
panganggening ringgit jaler estri dipun tatah. Ringgit lanyapan mripatipun dipun
krowek, dene ingkang ruruh sarta amripat bikakan ugi dipun krowek saha dipun kuris.
Mripat makaten punika ingkang sinebat kedhondhongan. Kajawi ingkang punika tumrap
satunggal-satunggaling ringgit dipun damelaken wanda rangkep warni-warni. Ringgit
ingkang anggadhahi wanda kathah piyambak inggih punika Arjuna, nanging ingkang
wigati piyambak kasebat wanda Mangu.
Sasampunipun sedaya rancangan kagarap rampung lajeng dipun pengeti mawi
sangkalah memet wujud raseksa arambut abrit ngore mengajeng kathih mawi jalu kalih
kados kuku. Raseksa punika sinebat Buta Prapatan, nanging ing satengahing bebrayan
kasebat Buta Rambutgeni, ingkang mengku sangkalan; Jalubuta tinata sang.
i. Jaman Plered (1645-1677 M)
7
8. cahmbanjar
Jaman Plered punika jamanipun Susuhunan Amangkurat Tegalarum, ingkang nalika
wonten kraman Trunajaya kaseser linggar saking praja kadherekaken para sentana tuwin
abdidalem dhalang Ki Lebdajiwa dumugi ing tlatah Banyumas. Kala-kala manawi pinuju
lerem Ki Lebdajiwa kepareng ngringgit. Sareng anggenipun jengkar dumugi laladan
sawetan Ajibarang, Susuhunan Amangkurat seda lajeng dipun sarekaken wonten ing
Tegalarum: Rehning ing laladan Plered taksih kathah reresah, mila Ki Lebdajiwa wangsul
dhateng dhusunipun ing Kedhu saha nerasaken anggenipun ndhalang.
3. Sejarah mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas
Ing ngajeng sampun katur riwayat tuwuh saha ngrembakanipun Seni Pewayangan ing
saindhenging Indonesia, wiwit jaman Dyah Balitung dumugi jaman sapunika. Purwaka sampun
mahyakaken bilih nemtokaken sejarah ngrembakanipun seni pewayangan saha seni pedhalangan
tlatah Banyumas ugi mboten gampil, awit prabot-prabot tuwin katrangan ingkang saged kaangge
dhasar utawi sumbering panalusur tumrap seni pewayangan punapa dene seni pedhalangan ing
tlatah Banyumas ugi langka sanget.
Mila saking punika sarujuking rembag lajeng mendhet prabot ingkang saperangan ageng wujud
seserepaning para Mpu Pedhalangan Banyumasan ingkang taksih sumrambah minangka bibit ing
panalusur kenginga kangge gegaran netepaken sejarah ngrembakanipun Pedhalangan Gagrag
Banyumas.
Bakunipun, Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas punika tuwuh saking sumber Seni
Pewayangan Indonesia, ingkang ngrembakanipun kados ingkang sampun katur ing ngajeng. Ewa
mekaten taksih perlu dipun telusur wiwit kala punapa Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas punika
mandhiri pribadi, uwal saking lajeripun.
Menawi sejarah tlatah Banyumas kita taliti, saged dipun kinten-kinten bilih salah satunggaling
leluhur utawi cikal bakalipun warga Banyumas punika satunggaling satriya saking Majapahit, asma
Raden Baribin putra mantunipun Prabu Siliwangi ing Pejajaran, ingkang mangkenipu nilar praja
Pejajaran lajeng tetep lenggah ing tlatah Banyumas sarta nerahaken para bupati ing tlatah
Banyumas.
Alelandhesan katrangan kasebat nginggil, mbokmanawi wonten mencokipun kapendhet dados
ancer-ancer wiwitipun seni pewayangan mlebet sarta ngrembaka ing tlatah Banyumas. Malah
mbokmanawi kathah emperipun bilih seni pedhalangan punika mbebet ing tlata Banyumas lumantar
tiyang-tiyang agami Hindhu saking Majapahit inkang sami sumingkir amargi kadhesek dening
ngrembakanipun agami Islam. Mlebetipun tiyang-tiyang agami Hindhu Majapahit dhateng
Banyumas punika kinten-kinten nasak rerangkening tlatah pareden redi Lawu, redi
Merapi/Merbabu, Sindoro/Sumbing, pareden Dieng, Rogo jembangan tuwin redi Slamet bablas
8
9. cahmbanjar
mangilen. Sasampunipun mlebet ing tlatah Banyumas, mbokmanawi ugi sumebar nglangkungi
lengkeh lengkehipun lepen Serayu.
Ing jaman Kasultanan Demak, tiyang tiyang Islam ugi mlebet dhateng tlatah Banyumas perlu
mencaraken agami Islam kanthi anglangkung margi punika. mBoten mokal bilih anggenipun
mencaraken agami Islam ugi ngginakaken seni pewayangan tuwin pedhalangan. Wusananip seni
pewayangan ingkang sampun dipun wiwiti kala jaman Hindu wewah malih dening dayaning agami
Islam, salajengipun cawuh manunggal sarta daya-dinayan kaliyan anasir kabudayan ingkang
sampun sumrambah ing kalanganing bebrayan Banyumas.
Tilas saha tetalesipun punapa ingkang nembe kemawon katur ing nginggil dumugining jaman
samangke taksih kraos wonten ing seni pedhalangan gagrag Banyumas-Purbalinggan. Ingkang
melok sanget inggih punika ingg cakepan-cakepan janturan punapa dene sulukan ingkang taksih
kangge saha sumrambah dumugi samangke ing Pakeliran Gagrag Banyumas, langkung-langkung
ing tlatah pareden tuwin lengkehing lepen Serayu kados ingkang sampun katur ing ngajeng. Mila
saking punika ingkang makaten wau lajeng kawentar minangka Pedhalangan Gagrag Banyumas
Lor Gunung (Redi Kendeng), ingkang pakeliranipun dumugi samangke tetep ngginakaken basa
Banyumas deles.
Serenipun Kasultanan Demak dhateng Pajang nuwuhaken ewah-ewahan sawatawis ing bab
sejarah ngrembakanipun seni pedhalangan Gagrag Banyumas. Kala semanten tlatah Banyumas
kalebet wewengkon kasultanan Pajang. Tandha yekti bilih Banyumas kalebet wewengkon Pajang,
inggih punika tiwasipun Bupati Wirasaba Wargautama saking dhawuhipun Sultan Pajang nalika
Bupati Wargautama nembe kemawon ngaturaken bulu bekti dhateng kraton Pajang. Ingkang wigati
tumrap tuwuh saha ngrembakanipun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas ing Jaman Pajang, inggih
punika wiwit lumebetipun basa Jawi "Wetanan", ingkang tumrap para sedherek Banyumas dipun
sebat "Basa Bandhek". Sawatawis tiyang mastani bilih tembung "bandhek" punika satunggiling
kereta basa ingkang kadhapuk dados tembung camboran tugel, saking tetembungan "basaning
gandhek", jalaran ingkang nyebar basa punika para gandhek, inggih punika para duta utawi utusan
saking Pajang. Nanging kanyatanipun basa bandhek punika nembe saged ngrembaka saestu kanthi
rancag sarta jembar tebanipun, ugi ing jagading pewayangan ing sakiwa tengenipun taun 1920-an,
inggih punika nalika Pamarentah Welandi nglebetaken pasinaon Basa Jawi Wetanan ing
pamulangan-pamulangan dhasar.
Ing jaman Mataram Islam wiwit Panembahan Senapati Sultan Agung Anyakrawati Sultan
Agung Anyakrakusuma ngantos dumugi bedhahipun kraton Plered, seni pedhalangan Banyumas
langkung rancag Saha majeng anggenipun ngrembaka, jalaran sesambetan antawisipun tlatah
Banyumas kaliyan Mataram punapa dene kaliyan Kedu saged tumindak langkung rancag.
Kawontenan ingkang makaten wau mahanani pedhalangan gagrag Mataraman tuwin Kedhu saya
9
10. cahmbanjar
kiyat daya pengaruhipun dhateng seni pedhalangan gagrag Banyumas. Lah langkung-langkung
nalika bedhahipun kraton Plered dening kraman Trunajaya. Kacariyos linggaripun Sunan
Mangkurat Agung saking Plered badhe tedhak dhateng Jakarta dipun dherekaken pandheganing
dhalang kraton Ki Lebdajiwa, lereh ing tlatah Banyumas. Ki Lebdajiwa ingkang asal saking Kedu,
mbokmanawi kalebet siswa tusipun Kyai Panjangmas, dhalang asli Kedu ingkang moncer piyambak
ing bab pedhalangan ringgit purwa punapa dene ringgit gedhog, ngantos katimbalan mlebet dhateng
kraton dados empuning dhalang wiwit jaman Sultan Agung Anyakrawati ngantos dumugi
jamanipun Sinuhun Sultan Agung Anyakrakusuma.
Daya pengaruhipun gagrag Mataraman tuwin Kedu, mangkenipun kasusul dening gagrag
Surakarta tuwin gagrag Yogyakarta. Kas gagrag Kedu lan Yogyakarta, daya pengaruhipun dhateng
Seni Pedhalangan Banyurnas sangsaya ageng sabibaripun Pagiyanti, kususipun dhateng tlatah
Banyumas iring kidul, inggih punika ing tanah pesisir kidul, ingkang ing tembe nuwuhaken seni
pedhalangan gagrag Banyumas Pesisiran, minangka tetimbanganipun seni pedhalangan gagrag
Banyumas Lor Gunung ingkang sampun kasebat ing ngajeng.
Ing bab cawuh manunggalipun Gagrag Mataram – Surakarta – Yogyakarta – Kedu ingkang
nuwuhaken Seni Pedhalangan Gagrag Banyurnas Pesisiran ing kiwa tengenipun taun 1920-an, salah
satunggaling dhalang ing Menganti tlatah Gombong, inggih punika Ki Cerma ingkang ugi kawentar
nama Ki Dhalang Menganti, kathah daya pengaruh saha lelabetanipun dhateng Seni pedhalangan
Banyumas kala semanten.
Ewah gingsiring kawontenan ingkang kadayan dening eebahing jaman satemah nuwuhaken
dumadinipun silih saya-dinayan antawisipun gagrag kekalih punika. Menawi gagrag Pesisiran
majeng ing babagan seni karawitanipun (daya Surakarta – Yogyakarta – Kedu), kosok wangsulipun
gagrag Lor Gunung melok saha majeng ing babagan falsafahipun sarta anggenipun ngugemi anasir-
anasir kabudayan ingkang sampun sumrambah ing tlatah Banyumas. Satataning silih daya
antawisipun gagrag kekalih punika melok sanget ing cak-cakan pakeliranipun swargi Ki Dhalang
Tutur saking Kesugihan (aslinipun gagrag Pesisiran) tuwin cak-cakan pakeliranipun Ki Dhalang
Parsa tuwin Ki Dhalang Sugih (kalih-kalihipun suwau asli gagrag Lor Gunung). Dene ingkang
taksih saged kawastanan tetep ngleluri saperangan ageng pakeliran utawi pedhalangan Lor Gunung,
inggih punika swargi Ki Dhalang Waryan saking Kalimanah.
Saking daya tular-tumularing kabudayaan ingkang makaten wau temahan ing akiring taun 1930-
an sarta wiwitaning taun 1940-an sajatosipun pedhalangan gagrag Banyumas sampun sangsaya
melok ciri-cirinipun ingkang mligi. Lan ingkang saweg kita garap minangka pathokan tumrap
pedhalangan gagrag Banyumas, inggih gagrag utawi cak-cakaning pedhalangan punika.
10
11. cahmbanjar
Mekaten sejarah ngrembakanipun seni pewayangan tuwin Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas.
Mugi-mugi kemawon andharan punika saged suka gegambaran kawontenaning seni pedhalangan
gagrag Banyumas ingkang pathokanipun katur ing bab-bab candhakipun.
11
13. cahmbanjar
BAB III
KAWRUHIPUN DHALANG
1. Lenggah-lenggahing pralebdanipun para dhalang
Bab lenggah-lenggahing pralebdanipun para dhalang punika sampun wonten naminipun
piyambak-piyambak, inggih punika wonten gangsal warni:
1) Dhalang Sejati
2) Dhalang Purba
3) Dhalang Wasesa
4) Dhalang Guna
5) Dhalang Wikalpa
a. Dhalang Sejati
Dhalang Sejati manawi ngringgit, sedaya lelampahanipun ringgit lan isinipun cariyos,
ngandhut isi raos pendidikan ingkang sae minangka tuladha kagem ingkang mriksani. Ingkang
dipun cariyosaken ing salebetipun nggambaraken lelampahaning ringgit, isi piwucal ilmu
kabatosan, wejangan sangkan paraning dumadi ngantos ilumugi kajaten. Dados paring pepajar
dhumateng ingkang mriksani ingkang taksih sami kapetengan ing manah, nyukani piwulang
gesangipun manungsa sageda tumuju dhateng kasampurnan. Dados lahir lan batosipun sageda
jumbuh, njawi lan nglebetipun, tumujua dhumateng tumindak ingkang sae, sampun ngantos
manungsa punika sami nyleweng, anggega kajengipun piyambak. Inggih punika ingkang dipun
wastani Dhalang Sejati.
b) Dhalang Purba
Dhalang Purba punika manawi ngringgit, pandhapukipun cariyos isinipun warni-warni,
inggih punika cariyos lelampahanipun ringgit ingkang kenging kangge patuladhan dhumateng
ingkang mriksani murih kenginga kangge sangu gesang ing sadinten-dintenipun. Lahir lan
batosipun tumuju dhumateng kasampurnan. Pramila cara anggenipun nyukani pitedah, namung
mawi pitutur tembung ingkang alus-alus, minangka dados wejangan tumrap ingkang mriksani.
Murih sagedipun sami kayungyun dhateng isi piwulangipun ki dhalang, anggenipun damel isi
cariyos lelampahanipun ringgit, ingkang katindakaken salebetipun ngringgit sadalu wau.
Ngantos ingkang mriksani taksih gadhah raos lamlamen salebeting manah, kados dene rumaos
taksih nampi wejanganipun ki dhalang. Inggih punika ingkang dipun wastani Dhalang Purba,
tegesipun satunggalipun dhalang ingkang sampun saged nyakup raos kasar lan alusing
manungsa, sampun kenging karegem dados satunggal wonten wejangan punika wau.
13
14. cahmbanjar
c. Dhalang Wasesa
Dhalang Wasesa punika manawi ngringgit, piyambakipun nggadhahi keahlian, cara
anggenipun nyariyosaken ringgit ngantos anggadhahi raos gesang, saking anggenipun baud
ngecakaken damel tetembungan ngantos saged mranani ingkang mriksani. Inggih punika
manawi nyariyosaken ringgit ingkang pinuju prihatos, inggih kados anggadhahi raos sisah
saestu. Manawi pinuju temantenan, inggih anggadhahi raos bingah ingkang ngandhut katresnan.
Manawi pinuju nepsu utawi ngamuk, inggih kados tiyang ingkang nepsu lan ngamuk toh pati
saestu. Makaten salajengipun. Inggih punika saking anggenipun pinter nglampahaken lan
nglagokaken solahing ringgit lan ngrakit tetembungan, ngantos ingkang mriksani anggenipun
nyumerepi kados katingal iya-iyaa saestu. Inggih kados makaten punika wau lenggahipun
dhalang wasesa, tegesipun sampun saged nyakup anguwaosi wonten salebetipun pakeliran.
d. Dhalang Guna
Dhalang Guna punika anggenipun nindakaken pakeliran lugu cariyos ingkang dipun remeni
dening ingkang mriksani kernawon. Cariyosipun kosong, mboten wonten ingkang kenging
kangge patuladhan, namung waton rame sajak katingal muyeg pamayangipun. Dados
kasagedanipun inggih namung saweg sak saged nglampahaken ringgit dipun tabuhi sadalu
muput, ngiras kenging kangge tengga griya. Dene caranipun namung kados tiyang dolanan
wayang kemawon, cariyosipun tanpa isi, manawi milih lakon mesthi pados lampahan ingkang
kathah ringgitipun ingkang medal, wigatosipun kathah perangipun, sakedhik gegendhingan lan
cariyosipun. Kepara kathah peperanganipun, dados isining tetabuhan prasasat namung sampak,
srepegan lan ayak-ayakan. Sadalu prasasat namung isi tigang gendhing, kenging dipun wastani
beber bango mati. Pramila milih ingkang kathah wedalipun ringgit, salebetipun sadalu sampun
ngantos kapedhotan lampahan. Dados tegesipun, ginanipun wau namung sak saweg remen
ngringgit mawi dipun tabuhi gangsa.
e. Dhalang Wikalpa
Dhalang Wikalpa punika anggenipun ngringgit, inggih namung lugu manut miturut isinipun
pakem, wewatonipun kawruh bab padhalangan. Cariyosipun namung ngetrepi punapa
wontenipun kemawon, miturut piwulang pasinaon padhalangan, rikala piyambakipun nglampahi
sekolah wonten ing pamulangan pedhalangan. Dados namung mujudaken kados dene tetiron
kemawon, inggih punika kados ingkang dipun wastani latihan andhalang, nirokaken pantrapipun
cara ngringgit sedalu. Punika ingkang dipun wastani Dhalang Wikalpa.
2. Sanguning dhalang
Dhalang punika ingkang kapetang sae cak-cakanipun kedah anggadhahi sangu sadasa bab,
kadosta:
14
15. cahmbanjar
a. Regu
Regu punika manggenipun ing wanci sonten, sampun ngantos katingal mboten sreg. Kedah
sreg sarta jenjem. Sajak gadhah kawibawan. Sampun ngantos maelu dhateng tetembungan sarta
raosanipun tiyang ingkang sami ningali. Salebeting cipta kedah pitados dhateng dhiri pribadi.
Supados dhalang gadhah keyakinan makaten perlu dipun pikuwati mawi mantra-mantra.
b. Greget
Tegesipun manawi sereng kados sayektos.
c. Sem
Tegesipun, saged anyariyosaken adegan srawunging priya lan wanita ingkang nembe sami
kapanduking branta asmara, saengga nuwuhaken raos sengsem tumrap ingkang sami mriksani..
(pandhongan, karonsih).
d. Nges
Tegesipun manawi pinuju sisah utawi welasan saged damel trenyuh.
e. Renggep
Tegesipun ajeg tumemen wiwit sonten dumugi enjing. Sampun ngantos ndhalang namung
sasekecanipun utawi sok sembrana dupeh ingkang mriksani kathah ingkang kirang migatosaken.
Langkung-langkung manawi ndhalang ing RRI renggep punika kedah dipun andhemi saestu.
f. Antawecana
Tegesipun, ulonipun cocok raosing pathet, ginemipun cocok lan ringgitipun, lan sanes-
sanesipun.
g. Cucut
Tegesipun lucu, saged damel gumujeng.
h. Unggah-ungguh
Tegesipun, manawi nyariyosaken adegan saget angsal udanegaranipun, ceples traping basa,
peprenahan, ginem, tanceban, lampahing ringgitipun lan sanes-sanesipun.
i. Tutug
Tegesipun anggenipun ngringgit cetha, urut, wijang cariyosipun mboten tumpang suh utawi
molak-malik.
j. Trampil
Tegesipun mumpuni ing bab-bab:
1) Tandangipun nglampahaken ringgit sumeblak, resik mboten kether.
2) Saget manjangaken tuwin ngringkesaken lampahing cariyos, janturan, ginem, gendhing
suluk, kepyakan, sirepan dhodhogan lan kepyakan mboten cewet lan sanes-sanesipun.
3) Saged mapanaken tetembungan ingkang kedah kasumerepan ing akathah. Nanging sampun
ngantos nyimpang saking jejer pokokipun ringgit purwa.
15
16. cahmbanjar
Bab-bab kawruh padhalangan kasebat ing nginggil perlu sanget dados sangunipun dhalang.
Manawi ngantos gothang salah satunggal saking 10 bab kasebat ing nginggil, saestu badhe dados
cemplang mboten mranani ingkang sami mriksani, jalaran pakeliranipun dereng katingal gesang.
Kajawi kawruh sangunipun tumrap para dhalang ingkang sampun dipun jlentrehaken ing
nginggil, wonten prayoginipun saupami para dhalang ugi saged nyakup gegebengan 5 prakawis
ingkang winastan "Panca Gatra" pewayangan, inggih punika:
a. Seni Pedhalangan lan Seni Pentas
b. Seni Karawitan
c. Seni Kriya
d. Seni Widya (Pendidikan lan Falsafah)
c. Seni Ripta
Wondene jlentrehipun makaten:
1) Seni Pedhalangan lan Seni Pentas
Supados anggenipun para dhalang angayahi kuwajiban ngringgit sadalu natas mboten
nguciwani, sangunipun ngelmu ing bab seni pedhalangan lan seni pentas sampuna anyekapi.
2) Seni Karawitan
Ing babagan seni karawitan, para dhalang langkung prayogi manawi saged nindakaken
nabuh gangsa piyambak, sak mboten-mbotenipun kedah mangertosi ngelmi-ngelmi ingkang
gegayutan kaliyan karawitan/gendhing-gendhing.
3) Seni Kriya
Seni Kriya punika ngemu suraos seserepan ingkang gegayutan kaliyan cara-cara kados
pundi menggah caranipun ndamel uba rampening ringgitan, kadosta damel gangsa, ringgit,
kelir lan sanes-sanesipun.
4) Seni Widya (Pendidikan lan Falsafah)
Ing babagan Seni Widya karangkum ngelmu-ngelmu ingkang wonten gegayutanipun
kaliyan pendidikan lan falsafah.
5) Seni Ripta
Murih sangsaya mantep anggenipun dados dhalang, para dhalang kedah lebda ugi ing
babagan seni ripta, inggih punika ngelmi ingkang gegayutan cara-cara kados pundi menggah
caranipun damel lampahan anyar, damel sanggit, nyipta gendhing-gendhing anyar lan sanes-
sanesipun.
Parandene ingkung prayogi malih manawi para dhalang ugi ambudi daya sagedipun mumpuni
ing babagan ingkang wigatos sanesipun kadosta:
16
17. cahmbanjar
1) Tata susila
Para dhalang kedah nyirik ngucapaken tetembungan ingkang saru lan kasar, lekoh lan ugi
tembung-tembung, ingkang saged damel kirang mranani salah satunggalipun golongan.
2) Angguroni
Saged maringi piwulang lan anggulawenthah kapribaden Nasional, nyingkiri panggepokipun
kabudayan manca ingkang ngrugekaken kapribaden Nasional.
3) Saged anggelaraken kawruh kanthi nalar ingkang sehat, ambirat gugon-tuhon lan klenik, lan
sanes-sanesipun.
4) Mangertosi dhumateng Sejarah Nasional (mboten perlu ahli nanging wajib nyinau) sarta
anggadhahi jiwa Pancasila.
5) Kedah tumut anyengkuyung program-program garapanipun Pamarentah.
3. Cacadipun dhalang
Ingkang minangka dados cacadipun dhalang mboten namung amargi saking kekirangan sangu,
nanging taksih wonten sanesipun malih, kadosta:
a. Ngewahi balunganing lampahan
b. Kabogelan
Tegesipun, taksih dalu lampahan sampun telas. Dados cupet.
c. Karahinan
Tegesipun, sampun mlethek surya lampahan dereng rampung.
d. Medal saking pakeliran, upaminipun:
1) Angginakaken tembung-tembung manca ingkang mboten trep nyinggung-nyinggung bab
partai, mambet-mambet politik lan sanes-sanesipun.
2) Solah, upaminipun mawi numpak sepur, pit montor, montor mabur lan sanes-sanesipun.
3) ngGarapi ingkang kagungan damel utawi para tamu, nyemoni boja krama utawi sampar
pakolih ingkang mikantukaken badanipun piyambak.
e. Lelep utawi remben, upaminipun:
1) Gangsa sampun kasirep, nanging dangu mboten dipun jantur.
2) Pathetan sampun rampung mboten enggal ginem.
3) Gangsa sampun suwuk dangu mboten enggal pathetan utawi ada-ada utawi cariyos.
4) Ginem nglantur mboten mawi kasingget pathet utawi ada-ada.
5) Gangsa sampun mungel srepegan utawi sampak, dangu mboten ngedalaken ringgit.
6) Sampun wanci jam dereng wiwit talu, sampun jam 2 deren perang sekar.
f. Dhalang nilar panggungan sebab betah dhateng pakiwan.
g. Dhalang ingkang rongeh lenggahipun saha kirang tajem polatanipun. Tata kramaning pakeliran
17
18. cahmbanjar
4. Tata kramaning pakeliran
a. Tata krama Jawi
Ingkang kalebet tata/krama Jawi ing Pedhalangan inggih punika:
1) Busananing para paraga
a) Dhalang menawi pinuju nindakaken kewajibanipun kedah mawi busana kejawen
jangkep inggih punika:
(1) Beskap atela cemeng
(2) Sinjang latar cemeng, sabuk, epek kaliyan timang
(3) Mawi duwung Ladrangan
(4) Mawi selop
b) Dene para wirapradangga busananipun sami kaliyan busananipun para dhalang namung
dhuwungipun Gayaman.
c). Semanten ugi para waranggana menawi pinuju ngayahi kewajiban inggih kedah mawi
busana kejawen jangkep inggih punika:
(1) Rasukan kebayak warni ijem pupus (sanes gadhung mlathi).
(2) Sinjang latar pethak ukel saha slendhang sawitan.
(3) Mawi selop ingkang jumbuh kaliyan ageman jawi.
(4) Ukelan rikma sampun ngantos dipun sasak.
2) Trapsilaning para paraga
Manawi pinuju ngayahi kewajiban, para paraga kedah:
a) Kangge para dhalang
(1) Polatan tajem mboten kenging nolah-noleh.
(2) Ringgit ingkang badhe kawedalaken kedah sampun cumawis, sampun ngantos
mendhet ringgit ingkang dipun simping.
(3) Sadangunipun nglampahaken ringgit mboten prayogi sanget menawi kasambi dhahar
ses.
(4) mBoten kenging nyemu dhumateng ingkang kagungan karsa, para pradangga,
waranggana lan para ingkang sami mirsani.
b) Kangge para Waranggana
(1) Polatan tajem mboten rongeh.
(2) Salebetipun nindakaken kewajiban mboten prayogi manawi dhahar ses, sarta mboten
prayogi manawi ngendikan kaliyan sesaminipun.
c) Kangge para pradangga
18
19. cahmbanjar
(1) Salebetipun gangsa mungel mboten kenging dhahar ses, sarta nampeni pasugatan.
(2) Mlebet saha medal saking panggung sampun ngantos nglangkahi gangsa.
(3) Salebetipun nindakaken kewajiban mboten kenging mbikak blangkon kaliyan
mbikak kancing beskap.
b. Tata krama tumrap basa
Anggenipun ngginakaken basa wonten tatakramanipun kadosta:
1) Dhalang menawi pinuju njantur, cariyos, antawacana lan sapiturutipun kedah ngginakaken
tembung ingkang mboten nyebal saking basa pakeliran upaminipun tembung manca lan
tembung ingkang mboten trep kadosta: besluit (sok dipun ucapaken beslit), request, jelas,
berarti, katam, fasih lan sapiturutipun.
2) Wonten ing pakeliran, swantenipun ringgit ingkang langkung anem utawi pangkatipun
langkung andhap, prayogi sampun ngantos langkung sora, tinimbang ringgit ingkang
langkung sepuh utawi ingkang pangkatipun inggil, kajawi tumrap ringgit ingkang miturut
wanda lan wewatekanipun sarta miturut kawigaten kedah nyuwanten sora. Kajawi
swantenipun R. Gathutkaca kedah langkung ageng tumrap R. Werkudara.
3) Prabu Suyudana dhumateng Patih Sengkuni ing salebetipun jejer ngginakaken tembung
ingsun, sira, utawi pakenira. Nanging menawi kapinujon mboten jejer, mboten siniwaka,
kedah krama dhumateng Patih Sangkuni.
4) Titah dhumateng dewa, mawi ngginakaken tembung, pukulun Dewa dhumateng titah mawi
ngginakaken tembung: ulun utawa kita.
5) Semar dhumateng para bandaranipun, mawi ngginakaken tembung: sampeyan lan mu.
6) Rama dhumateng putra lan kosok wangsulipun, makaten ugi kakang dhumateng adhi lan
kosok wangsulipung ngginakaken tembung: kulup, kaki, ngger, gendhuk, nok, nini, rama,
yayi, adhi sarta kakang.
7) Ratu dhumateng ingkang sumewa ing salebeting jejer, mawi ngginakaken tetembungan:
ingsung, sira, kajawi jejer Ngastina;
8) Guru dhumateng siswa, ingkang siswanipun kagungan pangkat ingkang inggil saged mawi
ngginakaken tembung krama utawi ngoko miturut swasana lan empan papan, sarta miturut
aluran kadang. Kajawi Anoman dhumateng R. Gathutkaca ngginakaken basa madya krama.
9) Siswa dhumateng guru, senajan siswanipun kagungan kalenggahan/pangkat ingkang inggil
(upaminipun ratu, patih, senopati lan sanes-sanesipun), senajan anggenipun pirembagan
mboten wonten ing paguron (upami wonten ing praja) prayogi ngangge tembung krama.
10) Kakung dhumateng garwanipun sageda ngginakaken tembung ingkang ngresepaken sarta
nuju prana, mbok ratu, nimas, ibune kulup sapiturutipun.
19
20. cahmbanjar
11) Makaten ugi putri dhumateng garwanipun ngginakaken ternbung: "Kakang Mas", Kanjeng
Sinuwun, bapake kulup lan sapiturutipun miturut kepangkatan lan tata cara.
c. Panyebutipun pepernahan para Dewa
Panyebutipun pepernahan para dewa wonten mawarni-warni, upaminipun:
1) Bathara Guru dhumateng Bathara Narada, mawi ngginakaken sesebatan Kakang Narada,
Kakang Kanekaputra utawi Kakang Kaneka.
2) Bathara Narada dhumateng Bathara Guru, mawi ngginakaken sesebatan: Adhi Guru, Yayi
Amisesa utawi Pramesthi Guru.
3) Bathara Anantaboga dhumateng Bathara Guru mawi ngginakaken sesebatan Wa Pukulun.
4) Dewa-dewa tedhaking Bathara Ismaya dhumateng Bathara Guru mawi ngginakaken
sesebatan Paman Pukulun.
5) Dewa-dewa tedhaking Bathara Guru dhumateng Bathara Guru mawi sesebatan Rama
Pukulun, nanging menawi dhumateng Bathara Narada mawi ngginakaken sesebatan Wa
Pukulun, utawi Wa Resi.
6) Dewa-dewa tedhaking Bathara Ismaya dhumateng Bathara Narada ngginakaken sesebatan
Paman Resi, utawi Paman Bathara.
d Para Rata Danawa (Danawa begal)
Kalebet danawa begal inggih punika Kala Pragalba, yaksa panyareng (Cakil), Buta Terong
(irung kados terong) lan Ditya Jaewana (Thona-Thani). Dene urut-urutanipun sesebatan saking
ingkang sepuh piyambak ngantos ingkang nem piyambak inggih punika: Kala Pragalba
(tetunggul), Buta Terong, Jaewana lan Cakil. Wondene anggenipun ngormati panungguling,
utawi yaksa ingkang pangkatipun langkung inggil, inggih punika sarana sembah karna utawi
ngemek dhadhanipun panunggul sarta yaksa ingkang pangkatipun langkung inggil mawi
ngginakaken sesebatan: Ki Raka.
e. Parapan Panakawan
Miturut pedhalangan gagrag Banyumas kina, inggih punika saderengipun pedhalangan
Pasisiran (Banyumas Kidul Gunung Kendeng) gesang wonten wewengkon Banyumas,
cacahipun panakawan wonten tiga (3), inggih punika Semar, Gareng lan Petruk.
Petruk jaman semanten mboten sami kaliyan Petruk sapunika. Ingkang geseh kaliyan Petruk
samangke inggih punika ngengingi bab wanda. Petruk kala semanten rainipun tumungkul lan
burik. Caranipun damel burik mboten cekap wonten ing pulas kemawon nanging ngantos dipun
tatah babar pisan saengga ing ayang ayanganipun katingal burik. Bathukipun Petruk mawi
rengon ing kang kados pupukipun Bima, nanging pesagi panjang, badanipun radi wungkuk,
20
21. cahmbanjar
bokongipun meh lonjong cekak, ngantos suku wing king katingal panjang. Petruk ingkang
kados makaten dipun wastani Petruk Lengkur utawi cara Pasisiran dipun wastani Petruk Lor.
Tembungipun Petruk Lengkur basa Banyumasan. Kajawi saking ciri-ciri kasebat ing nginggil
punika, ugi mawi ciri anyengkelit bedudan Sasampunipun pedhalangan gagrag Pasisiran
lumebet ing wewengkon Banyumas, wandanipun lajeng gentos kados dene Petruk ingkang
semangke wonten ing wewengkon Banyumas, inggih punika mirip Petruk Kedu. Kajawi punika
lajeng dipun wewahi panakawan satunggal malih ingkang nama Bawor utawi Carub sarta dipun
damel putra pembajengipun Ki Lurah Semar.
Ngantos semangke panakawan lajeng wonten sekawan ingka urut-urutanipun makaten:
1) Semar
2) Carub Bawor
3) Gareng
4) Petruk
Awit saking punika dipun sebat Prepat Panakawan.
Malah para kadang Banyumas sakelangkung remen dhateng Carub Bawor, saengga menawi
mirsani ringgit ingkang tanpa Carub Bawor raosipun kirang marem.
f. Panyebat
Tata krami ingkang magepokan kaliyan bab panyebat, antawisipun kados ing ngandhap
punika:
a. Ratu dhumateng Patih ngginakaken sesebatan Kakang Patih, utawi Patih manawi patihipun
kaprenah paman, adatipun mawi ngginakaken sesebatan Paman Patih
b. Patih dhumateng ratu ngginakaken sesebatan Gusti utawi sinuwun.
c. Prabu Kresna dhumateng Prabu Baladewa ngginakaken sesebatan Kaka Prabu. Dene
menawi Baladewa dhumateng Prabu Kresna mawi ngginakaken sesebatan Yayi Prabu utawi
Yayi Bathara.
d. Prabu Puntadewa dhumateng Prabu Kresna ngginakaken sesebatan Kaka Prabu. Dene Prabu
Kresna dhumateng Prabu Puntadewa mawi ngginakaken sesebatan Yayi Prabu utawi Yayi
sami Aji.
e. R. Bratasena dhumateng Prabu Kresna mawi ngginakaken sesebatan Kresna Kakangku
utawi Jlitheng Kakangku. Semanten ugi menawi ngaturi dhumateng Prabu Baladewa inggih
mawi sesebatan Baladewa Kakangku utawi Bule/Jrabang Kakangku. Dene menawi Prabu
Kresna utawi Prabu Baladewa ngandika dhumateng R. Bratasena mawi ngginakaken
sesebatan Yayi/ Dimas Harya Bratasena utawi Yayi Sena utawi sok asring dipun jengkar
asmanipun kemawon.
21
22. cahmbanjar
f. R. Bratasena dhumateng R. Janaka asring dipun jangkar Janaka utawi Jlamprong adhiku.
Dene manawi dhumateng R. Nakula sesarengan kaliyan R. Sadewa ngginakaken sesebatan:
Kembar, R. Janaka, R. Nakula lan R. Sadewa menawi dhumateng PrabuBaladewa, Prabu
Kresna lan Prabu Puntadewa mawi ngginakaken sesebatan: Kaka Prabu. Manawi dhumateng
Prabu Kresna piyambak asring ngginakaken sesebatan: Kakang Bathara. Dene menawi
dhumateng R. Bratasena mawi sesebatan: Kakangmas utawi Kakang Harya;
g. Batasena dhumateng Prabu Puntadewa mawi ngginakaken nesebatan: mbarep Kakangku,
utawi Darma Aji Kakangku, dene menawi Prabu Puntadewa dhumateng R. Bratasena mawi
sesebatan: Yayi Bratasena utawi Yayi Sena;
h. Prabu Kresna dhumateng R. Janaka mawi ngginakaken sesebatan: Yayi Harjuna utawi Yayi
Kaipe. Menawi nuju gegojegan asring ngginakaken sesebatan: Mas Nganten;
i. Putra dhumateng Rama utawi Ibu, racakipun mawi ngginakaken sesebatan: Kanjeng Rama
utawi Kanjeng Ibu, kejawi menawi ringgit mirunggan;
j. Prabu Suyudana, Prabu Baladewa, Prabu Kresna, Prabu Karna, Prabu Puntadewa, R.
Harjuna, R. Nakula lan R. Sedewa menawi ngaturi dhumateng Pandhita Durna mawi
ngginakaken sesebatan: Paman Durna. Dene menawi R. Bratasena dhumateng Pandhita
Durna mawi ngginakaken sesebatan: Bapa Durna Guruku. Menawi dhumateng Bathara
Narada inggih lajeng mawi sesebatan Narada Dewaku utawi Narada kakekku;
k. Eyang dhumateng wayah, rama dhumateng putra utawi ibu dhumateng putra. Racakipun
mawi ngginakaken sesebatan Angger utawi Kulup;
l. Pandhita Durna dhumateng Prabu Suyudana, Prabu Karna, Prabu Baladewa, Prabu Kresna
lan Prabu Puntadewa mawi ngginakaken sesebatan: Anak Prabu, nanging menawi wonten
ing pasewakan mawi ngginakaken sesebatan: nJeng Padukendra.
m. Pandhita Durna dhumateng Patih Sangkuni, mawi ngginakaken sesebatan Yayi Patih utawi
Adhi Suni. Dene menawi Patih Sengkuni dhumateng Pandhita Durna mawi ngginakaken
sesebatan Kakang Resi, Kakang Begawan utawi Wakne Gondhel/Gonel;
Wosipun bab panyebat antawisipun ringgit satunggal lan satunggalipun saged dipun
larasaken miturut kepangkatanipun lan aluran sarta swasana. Dene menawi mboten wonten
aluran punapa-puna sarta dereng tepang, saged mawi sesebatan: Ki Sanak.
g. Pambagya
Tata krami ingkang magepokan kaliyan pambagya punika mujudaken prabot kangge
pambukaning antawacana.
Dene tuladha bab pambagya, antawisipun kados ing ngandha punika:
1) Bageya sapraptanira, durung suwe ana ing praja ...
22
23. cahmbanjar
2) Sarawuh jengandika dereng dangu wonten ing praja kula ... ngaturaken pambagya sarta
kasegahan panakrama.
h. Panantang lan Pasumbar
Panantang lan pasumbar saged darnel greget lan serenging swasana.
Minangka tuladha, antawisipun kados ing ngandhap punika:
1) Ayo, aja genti mara, barenga mara leganing atiku, sayuta ngarep sakethi wuri, sewu
ngiringan, ampyaken kaya wong njala, rebuten kaya menjangan mati, rayahen kaya
bayangan. Yen aku nganti mundur sapecak lokna tatu arang kranjang;
2) Kekejera kaya manuk branjangan, kopat kapita kaya buntuting naga tapak angin, waton ora
ilang ndak kedhepake, ketiban tanganku yekti lebur kuwandamu;
3) Arepa kadang dewa kanthi suksma yen ora lebur dening pusakaku, yekti dak sembah ider-
ideran;
4) Hamuk sura mrata jaya mrata, majua sayuta ing ngarsa, sakethi ing wuri, ora bakal ndak
tinggal mlayu;
5) Adoh sawat prabatang, cedhak tubruk, candhak sampirake pundhak, dak tugel dadi loro
kunarpamu.
i. Swantenipun ringgit
Swantenipun ringgit punika kedah dipun jumbuhaken kaliyan wandanipun ringgit. Kajawi
punika ugi kedah dipun jumbuhaken kaliyan swasana. Dene swasana punika kaperang dados
sekawan perangan inggih punika:
1) Swasana merdika, liripun mboten bingah, mboten sungkawa, mboten duka, mboten gela lan
sapanunggilanipun.
2) Swasana suka
3) Swasana duka
4) Swasana sungkawa
Minangka tuladha sawatawis kadosta ing ngandhap punika:
1) Prabu Suyudana:
a) Ing swasana merdika, mawi laras antawisipun 1 lan 2 saha radi melung sawatawis;
b) Ing swasana suka, swantenipun radi sasap alit, wewah grecek semu gumujeng, nyrempet
laras 2;
c) Ing swasana duka wewah santak, radi sasap alit, gumreget lan anteb;
d) Ing swasana sungkawa, mendhet laras 6 ageng, kemba, tledhok, kendho lan ampang.
23
24. cahmbanjar
2) Swanten ringgit Putri:
Swanten ringgit putri punika sami kaliyan ringgit jaler (upaminipun Dewi Bratajaya),
nanging meksa benten trap-trapaning antawacana, jalaran tiyang estri mboten gadhah
kalamenjing, mila mboten gadhah swanten anteb lan gumregel. Swanten ampang, laras
dipun padosi saprayoginipun miturut wanda.
3) Prabu Kresna:
Wonten ing salebeting jejer mendhet laras jangga (2), swantenipun cetha lan sareh.
Swanten ingkang kados makaten wau namung dumugi kedhaton. Dene sesampunipun
kadhatonan, swantenipun malih dados grecek, kumlinthing alit. Larasipun minggah
satunggal utawi kalih wilah, miturut swasana. Dene menawi aben ajeng kaliyan Prabu
Karna, swantenipun Prabu Karna kedah langkung sasap alit tur mimpang grecek. Dene
Prabu Kresna mimpang cetha tuntum arum.
4) Prabu Baladewa:
Swantenipun arum, wonten laras dhadha (3), leleh cetha, empuk. Manawi kaleres duka
swantenipun mindhak santak saha groyok.
5) Ratu Sabrang Bagus (Bangsanipun Dewasrani):
Sanadyan piyambakipun kalebet ringgit luruh, nanging swantenipun meksa benten
kaliyan Kunta Wibisana.
Swantenipun ringgit sabrang bagus langkung grecek mawi raos gemaib, katingal wonten
wanda sarta katarik saking wewatekanipun. Manahipun rongeh lan mboten lerem.
6) Denawa:
Sanadyan Danawa punika swantenipun ageng lan wujudipun ugi ageng, nanging rehning
gadhah waja ingkang rangah, mila swantenipun mboten saged gilig lan anteb, nanging
growah medal selaning waja.
7) Dhagelan:
Swantenipun kedah kaemper kaliyan wandanipun. Upami:
a) Semar:
Swantenipun nggaek, semu nangis, mawi raos kalara lara.
b) Gareng:
Mendhet laras jangga, tutukipun mlendhung malempuh kabekta lesanipun cupet.
c) Petruk:
Swantenipun lega, mulek wonten poking grana.
d) Bawor:
Lambenipun ndobleh (ndomble) mripat wiyar, dedeg cebol kepalang, dene swantenipun
cekapan, mboten ageng mboten alit radi nyrempet tenggorokan. Tembungipun mawi
24
25. cahmbanjar
basa Banyumasan, liripun menawi aksara nglegena racakipun dipun ungelaken kanthi
swanten menga.
e) Togog:
Swantenipun kalebet ageng semu dhoso utawi radi kasesa.
f) Sarawita:
Swantenipun alit ngethak radi ngirung.
8) Bathara Narada:
Wongsal wangsul ngambah laras 3 (dhadha). Swantenipun meh kados tiyang pilek, mboten
saged medal irung, liripun kados swanten tenggorokan. Swanten na, meh kados dha; me
neh kados ba.
9) Pandhita Durna:
Swantenipun kumlenteng alit, cetha (wonten tenggak), kemaki, gemaib, amargi ngrumaosi
menawi ing Praja Ngastina dipun pundhi-pundhi.
10) Ringgit Gecul:
Ingkang kalebet ringgit gecul, antawisipun:
a) R. Dursasana : Swantenipun mbrabah, lega, saben ngendikan campur gumujeng,
wekasan gumujeng latah.
h) Patih Pragota : Swantenipun semu gumujeng glegak-glegek, swantenipun radi
ampang.
c) R. Burisrawa : Swantenipun lega semu gumujeng nanging tansah ngetingalaken
raos sedhih, mboten nate ketingal gadhah raos suka.
d) Braokan sanesipun : Kapendhet antawisipun Pragota lan Dursasana.
11) Prabu Puntadewa:
Swantenipun radi ampang, ngemu raos prihatin lan panarimah, larasipun nyrempet jangga
utawi barang.
12) Bathara Guru:
Swantenipun meh sami kados Prabu Puntadewa, nanging radi langkung anteb
13) Raden Bratasena:
Swantenipun ageng, anteb, mendhet laras 5 ageng utawi 6 ageng. Tembungipun radi blekah-
blekuh nanging patitis sarta mboten kekathahen pangandikan.
14) Raden Gathutkaca:
Swantenipun ageng, anteb, meh mirip kaliyan R. Bratasena.
15) Raden Antareja:
Swantenipun langkung alit tinimbang R. Gathutkaca meh mowot ing laras antawisipun 6
ageng lan 1.
25
26. cahmbanjar
16) Raden Anantasena:
Swantenipun langkung alit malih katimbang swantenipun Raden Anantareja.
17) Raden Setyaki:
Langkung ageng malih katimbang swantenipun Raden Anantareja, nanging langkung alit
katimbang Raden Bratasena.
18) Raden Arjuna:
Swantenipun arum, sareh, wijang, mowot antawisipun laras 6 ageng lan 1.
19) Resi Abiyasa:
Swantenipun kados dene Prabu Puntadewa nanging tansah ngetingalaken kasepuhan.
Tuladha-tuladha kasebat ing nginggil kados sampun cekap kangge ancer-ancer swantening
ringgit. Menawi wonten ringgit kalih ingkang wandanipun sami, lan ukuranipun swanten
kagalih sami, samangsa pocapan, prayogi ingkang langkung sepuh swantenipun kadamel
langkung alit sawatawis. Upaminipun antawacananipun Bathara Bayu lan Raden Bratasena,
swantenipun Bathara Bayu kedah langkung alit tinimbang Raden Bratasena.
Dene swantenipun ringgit sanes-sanesipun prayogi dipun jumbuhaken kaliyan wanda lan
wewatekanipun.
5. Pangertosan-Pangertosan
a). Sabetan
1) Ingkang dipun wastani sabetan inggih punika lampah-lampahing ringgit tumrap solah-bawa,
lumampah, kridhaning perangan lan sasaminipun. Dene sabetan punika kaperang dados 6,
inggih punika:
a) Cepengan
b) Tanceban
c) Bedholan
d) Solah-bawa
e) Sabetan perang
f) Panyelehing ringgit
2) Cepengan
Cepengan punika cara panyepenging ringgit satunggal-satunggalipun ingkang kedah
miturut wanda lan golonganing ringgit.
Dene cara panyepenging ringgit punika kaangkah murih nggampilaken tumindaking
dhalang anggenipun angayahi kewajiban lan saged ngresepaken.
26
27. cahmbanjar
3) Tanceban
Tanceban punika cara nancebaken ringgit.
Dene panancebing ringgit sageda cetha lan ngresepaken manawi dipun pirsani saking
ngajeng utawi wingking kelir, saha gampil manawi badhe kabedhol.
4) Bedholan
Bedholan punika cara mbedhol ringgit.
Dene pambedholing ringgit sageda katingal resik lan ngresepaken saha mboten
mbibrahaken jejeran utawi adegan.
5) Solah-bawa
Solah-bawa punika kridhaning ringgit ingkang katindakaken dening dhalang.
Kadospundi menggah cara lan tumindakipun manawi badhe nyolah-bawaaken ringgit
miturut wanda lan golonganipun utawi kabetahanipun upami lumampah, mbeksa, mabur,
damel solah gecul lan sanes-sanesipun sageda ingkang wijang murih sae lan mranani.
6) Sabetan perang
Sabetan perang punika kridhaning ringgit manawi wonten adegan peprangan.
Kadospundi menggah cara lan tumindakipun manawi badhe molahaken ringgit wonten
ing adegan paprangan sageda anggambaraken solahing tiyang ingkang pinuju pancakara,
ulah kridhaning dedamel lan sanes-sanesipun.
7) Panyelehing ringgit
Panyelehing ringgit punika cara nyelehaken ringgit wonten ing kothak utawi eblek.
Manawi badhe nyelehaken ringgit kaangkaha murih saged tumata, mboten risak sarta
gampil pamendhetipun manawi badhe kangge. Murih gamblangipun prayogi mirsani BAB
VIII ing wingking.
b. Janturan
Ingkang dipun wastani janturan inggih punika ucap utawi kandhaning dhalang ingkang
dipun sarengi ungeling gangsa salebeting sirepan.
c. Cariyos
Ingkang dipun wastani cariyos inggih punika, ucap utawi kandhaning dhalang ingkang tanpa
dipun iringi gangsa saha miturut kabetahan.
d Sulukan
1) Ingkang dipun wastani sulukan inggih punika, tembanging dhalang ingkang awujud:
a) Kombangan
b) Pathetan
27
28. cahmbanjar
c) Sendhon
d) Ada-ada
e) Buka celuk
2) Kombangan:
Ingkang dipun wastani kombangan inggih punika, tembangipun dhalang wonten
salebeting gendhing. Ginanipun kangge sasmita telasing janturan utawi kangge sasmita
manawi gendhing badhe ngelik lan ingkang perlu dipun kombangi.
3) Pathetan:
Ingkang dipun wastani pathetan inggih punika, tembangipun dhalang ingkang dipun
iringi gender, rebab, gambang, suling kenong lan gong. Dene ginanipun kangge mbabar
swasana utawi raos sareh.
4) Sendhon:
Ingkang dipun wastani Sendhon inggih punika, tembanging dhalang ingkang dipun
iringi, gender, gambang, suling, kenong lan gong. Dene ginanipun kangge nyendhu raos,
saking raos setunggal kasendhu kagentos raos sanesipun. Upaminipun saki raos gembira
ndadak kasendhu raos sedhih sarana sendhon tlutur.
5) Ada-ada:
Ingkang dipun wastani ada-ada punika tembanging dhalang ingkang dipun iringi gender,
kempul, kenong, gong, binarung swantening dhodhogan/keprakan ngganter. Dene ginanipun
kangge mbabar raos sereng, duka lan gembira.
6) Buka celuk:
Ingkang dipun wastani buka celuk inggih punika tembanging dhalang, waranggana
utawi wiraswara, pinangka cecala pambukaning gendhing saha lelagon dolanan.
e. Tembang
1) Ingkang dipun wastani tembang inggih punika, reroncening tembang ingkang kawengku
dening titilaran (notasi) saha ingkang kawengku dening pranatan ingkang sampun
gumathok. Wondene tembang kaperang-perang kadosta:
a) Tembang Gedhe
b) Tembang Tengahan
c) Tembang Macapat
d) Tembang Dolanan
2) Tembang Gedhe
28
29. cahmbanjar
Ingkang dipun wastani Tembang Gedhe inggih punika tembang ingkang kawengku
dening lampah pedhotan. Ginanipun kangge bawa utawi kangge murwakani gendhing-
gendhing.
3) Tembang Tengahan
Ingkang dipun wastani Tembang-Tengahan inggih punika tembang ingkang mboten
mawi lampah lan pedhotan. Ginanipun ugi kangge bawa utawi kangge murwakani
gendhing-gendhing.
4) Tembang Macapat
Ingkang dipun wastani Tembang Macapat inggih punika tembang ingkang kawengku
dening guru lagu, guru wilangan lan wanda. Dene ginanipun kangge macapatan, uran-uran,
palaran, nanging ugi asring kangge murwakani gendhing-gendhing utawi lagu-lagu dolanan.
5) Tembang Dolanan
Ingkang dipun wastani Tembang Dolanan inggih punika tembang ingkang kawengku ing
pathokan swara ("maatstrip"). Dene ginanipun kangge langen suka.
f. Antawacana:
Ingkang dipun wastani antawacana inggih punika pilah-pilahaning swantening ringgit
satunggal lan satunggalipun.
g. Dhodhogan lan Keprakan:
1) Ingkang dipun wastani dhodhogan lan keprakan inggih punika sasmitaning dhalang
mawi cempala utawi keprak.
2) Ginanipun kangge:
a) Nyasmitani ungeling gendhing
b) Nyarengi beming kendhang ing pambukaning gendhing
c) Mranata lampahing gendhing
d) Singgetan utawi elet-elet gineming ringgit satunggal lan sanesipun carita
e) mBukani utawi nyarengi sulukan
f) Ngiringi jogeding ringgit
g) mBabar raos sereng utawi mbabar raos menawi wonten wigati (Amrih cethanipun
mriksananan BAB IX).
h. Gendhing Baku Pakeliran:
Gendhing baku pakeliran inggih punika, gendhing-gendhing ingkang sampun katetepaken
utawi kapathok kangge ngiringi pakeliran
i. Gerong:
29
30. cahmbanjar
Ingkang dipun wastani gerong inggih punika rerenggan lagu gendhing-gendhing Jawi
ingkang katindakaken dening kakung utawi putri ingkang cacahipun langkung saking setunggal,
ingkang kawengku dening irama, lan maatstrip saha manut kabetahanipun Dene ginanipun
kangge amewahi regenging swasana.
j. Sindhenan:
Ingkang dipun wastani sindhenan inggih punika tembang pinangka rerenggan lagu
gendhing-gendhing Jawi ingkang racakipun katindakaken satunggaling putri kanthi manut
wewaton sarta kabetahan upaminipun:
1) Wanda;
2) Wangsalan.
6. Simpingan ringgit lan pangrakiting panggung sarta gangsa
a. Simpingan ringgit
1) Prakawis wigatos ingkang gegayutan kaliyan babagan pakeliran ingkang mboten saged
dipun tilar, inggih punika simpingan saha pangrakiting ringgit.
Ringgit sakothak dipun perang dados kalih perangan, inggih punika Ringgit Simpingan
lan Ringgit Dhudhahan.
Ringgit simpingan, inggih punika ringgit ingkang kedah dipun cawisaken wonten ing
simpingan, liripun dipun tanceban wonten debog panggung miturut urut-urutanipun.
Simpingan punika minangka pepajang utawi rerengganing panggung. Dhalang mboten
kenging mendhet ringgit ingkang dipun simping.
Dene ringgit dhudhahan inggih punika ringgit ingkang dipun cawisaken wonten nglebet
kothak utawi wonten ing eblek, ingkang dipun tata wonten nginggil tutup kothak,
dunungipun wonten sisih tengen dhalang.
Manawi ringgit dipun ribig lan panyimpingipun sae, dipun pirsani temtu badhe
angresepaken. Senadyan ringgit dereng wiwit (labet), mirsani simpinganipun kemawon
sampun rumaos sengsem. Kosok wangsulipun manawi ringgitipun mboten ribig, inggih
punika ringgit mbajujag sarta panyimpingipun kirang tumata, dipun pirsani katingal
nguciwani.
Ringgit ingkang badhe kagem kedah sampun dipun cawisaken, amrih nggampilaken
dhalang anggenipun ringgit, dados mboten ketingal ribet. Prayoginipun debog paseban
mboten kenging kangge nyimping, amargi manawi debog paseban kangge nyimping, badhe
ketingal reged.
2) Simpingan kadamel kiwa tengen, dene ing tengah leres kasimping kayon.
3) Ringgit ingkang kasimping ing sisih tengen, inggih punika:
30
31. cahmbanjar
(1) Prabu Tuhuwasesa
(2) Raden Werkudara
(3) Raden Bratasena (Bima nem)
(4) Jagal Bilawa
(5) Raden Gathutkaca
(6) Raden Anantareja
(7) Raden Anantasena
(8) Prabu Sugriwa
(9) Prabu Subali
(10) Raden Anoman
(11) Bathari Durga
(12) Bathara Guru
(13) Prabu Kresna
(14) Prabu Harjunaeasrabahu
(15) Prabu Ramawijaya
(16) Prabu Pandhu (tropongan)
(17) Prabu Parikesit (Dipayana)
(18) Raden Palasara
(19) Prabu Yudhisthira
(20) Raden Harjuna
(21) Raden Harjuna Sampir (srambahan)
(22) Raden Suryaputra
(23) Raden Pandhu (gelung)
(24) Raden Regawa
(25) Raden Dewaleksana
(26) Raden Pemadi (sampir)
(27) Raden Pemadi
(28) Raden Sumantri
(29) Patih Suwanda
(30) Raden Sumitra
(31) Raden Pancawala
(32) Raden Angkawijaya
(33) Raden Irawan
(34) Raden Dewabrata
(35) Raden Kresnadwipayana
31
32. cahmbanjar
(36) Raden Wijanarka
(37) Raden Nakula
(38) Raden Sadewa
(39) Dewi Jembawati
(40) Dewi Sarpakenaka
(41) Dewi Harimbi
(42) Dewi Banowati
(43) Dewi Kunthi
(44) Dewi Hanggendari
(45) Dewi Herawati
(46) Dewi Banowati Nem (slendhangan)
(47) Dewi Sumbadra
(48) Dewi Rukmini
(49) Dewi Setyaboma
(50) Dewi Pregiwa
(51) Dewi Surtikanthi
(52) Dewi Jembawati (gelung ukel)
(53) Dewi Srikandhi
(54) Dewi Dursilawati
(55) Dewi Siti Sendhari
(56) Dewi Utari
(57) Dewi Lesmanawati
(58) Dewi Lara Ireng (Sumbadra nem)
(59) Estren endhel lanyapan (kangge srambahan)
(60) Estren endhel slendhangan (kangge srambahan)
(61) Estren luruh (kangge srambahan)
(62) Estren longok (kangge srambahan)
(63) Dewi Rukmini nem
(64) Dewi Setyaboma nem
(65) Dewi Anjani
(66) Dewi Mustakaweni
(67) Bondhan Paksajandhu (Dewa Ruci)
(68) Putren utawi Bayen
Ringgit simpingan sisih tengen cacahipun antawis 68.
32
33. cahmbanjar
Dene menawi rangkep-rangkep miturut wandaning ringgit, simpingan sisih tengen saged
ngantos dados 93 ringgit.
4) Ringgit ingkang kasimping sisih kiwa, inggih punika:
(1) Buta Raton Kumbakarna
(2) Prabu Niwatakawaca
(3) Buta Raton Jamangan Garudha (Ratu Nem)
(4) Raden Patih Prahastha
(5) Prabu Tremboko
(6) Raden Banjaranjali
(7) Prabu Dasamuka
(8) Prabu Bomantara (Boma Kuna sepuh)
(9) Prabu Bomanarakasura
(10) Raden Kangsadewa
(11) Prabu Boma mawi Kethu
(12) Prabu Jarasandha
(13) Raden Indrajit
(14) Raden Trikaya
(15) Raden Kartapiyaga/Karta Wiyoga
(16) Raden Trisirah
(17) Raden Trinata
(18) Raden Dewantaka
(19) Raden Yaksadewa
(20) Raden Narantaka
(21) Prabu Duryudhana
(22) Prabu Kurupati
(23) Prabu Baladewa
(24) Raden Kakrasana
(25) Raden Kencakarupa
(26) Raden Rupakenca
(27) Raden Seta
(28) Raden Ugrasena
(29) Raden Utara
(30) Raden Wratsangka
(31) Raden Setyaki
(32) Raden Sanga-sanga
33
34. cahmbanjar
(33) Prabu Basukethi
(34) Prabu Kunthiboja
(35) Prabu Basudewa
(36) Prabu Matswapati
(37) Prabu Dhestarastra
(38) Prabu Drupada
(39) Prabu Salya
(40) Prabu Bismaka
(41) Prabu Setyajid
(42) Prabu Radeya
(43) Prabu Basukarna
(44) Raden Yamawidura
(45) Raden Durgandana
(46) Raden Basudewa nem
(47) Raden Sucitra
(48) Raden Sabrang wok
(49) Raden Dewasrani
(50) Prabu Jungkungmardeya
(51) Harya Kuntawibisana
(52) Harya Prabu Rukma
(53) Raden Rukmarata
(54) Raden Drestajumna
(55) Raden Rukmara
(56) Raden Gunadewa
(57) Raden Warsakusuma
(58) Raden Narasoma
(59) Raden Narayana
(60) Raden Samba
(61) Raden Partajumena
(62) Raden Setyaka
(63) Lanyapan srambahan
(64) Raden Lesmana Mandrakumara
(65) Raden Pinten
(66) Raden Tangsen
(67) Raden Bismawicara
34
35. cahmbanjar
(68) Raden Wisanggeni/Wisageni
(69) Raden Caranggana
Ringgit simpingan kiwa cacahipun wonten 69 ringgit. Dene menawi rangkep-rangkep,
miturut wandanipun, cacahipun ringgit wonten 80.
5) Sanesipun ringgit simpingan kasebat ing nginggil, winastan ringgit dhudhahan, ingkang
anggenipun nyawisaken wonten ing salebetipun kothak, wonten ugi ingkang wonten ing
eblek, katumpangaken ing tutup kothak, mapanipun ing sisih tengenipun dhalang.
Ringgit dhudhahan anggenipun nyawisaken ugi wonten uruturutanipun, inggih punika
dipun pantha-pantha miturut kabetahan (ringgit ingkang badhe kagem) saengga
nggampilaken anggenipun madosi.
Rehning ringgit ingkang dipun simping punika wau kathah, inggih punika menawi
rangkep-rangkep ngantos meh 175 ringgit, pramila debog ingkang kangge nyimping kedah
dipun sambung, supados saged cekap.
Supados dhalang mboten repot anggenipun nyawisaken ringgit, langkung prayogi
menawi dipun biyantu panyimping. Dene panyimping punika wau anggadhahi kuwajiban
nyawisaken ringgit ingkang badhe kagem wonten ing pakeliran, pramila kedah mangertosi
lampahan lan nami-namining ringgit. Panyimping wau sakedhikipun wonten kalih, kiwa lan
tengen dhalang. Kanthi makaten dhalang badhe sekeca pangringgitipun.
Debog ingkang sae kangge nyimping antawisipun debog pisang kluthuk utawi pisang
kapok, amargi debog pisang kalawau mboten gampil pecah lan wulet sarta sekeca kangge
nancebaken ringgit/cempurit.
b. Pangrakiting panggung sarta gangsa
Ingkang nama panggungan inggih punika papan kangge ngrakit gelaring pakeliran. Amrih
panggungan saged sekeca kangge pakeliran, jembaripun:
1) Menawi gangsanipun Slendro antawis 5 X 8 meter;
2) Menawi gangsanipun Slendro lan Pelog antawis 7 X 9 meter.
Kanthi panggung ukuran samanten, kejawi saged sekeca kangge ngecakaken pakeliran,
swantening gangsa ugi badhe kapireng kempal mboten ngebyah. Panggung kedah dipun tata
samurwatipun, saengga kajawi sakeca kangge nindakaken pakeliran ugi saged ketingal
ngresepaken.
Dene bab pranataning gangsa, prayogi mriksanana Gambar ingkang kasebat wonten ing
kaca …
35
36. cahmbanjar
7. Sarasilahing ringgit
a. Saderengipun ambabaraken sarasilah ringgit purwa, kaparenga langkung rumiyin angaturi
pepenget, bilih para dhalang prayoginipun ngertos dhateng sarasilahing ringgit purwa, awit
satunggal satunggaling lampahan, wonten gegayutanipun kaliyan lampah sanesipun.
Kadosta: Lampahan Jambakan (pejahipun Dursasana) gandheng kaliyan lampahan
Pandhawa Gubah tuwin Pandhawa Dhadhu. Dewi Kunthi prasetya: "Pati-pati ngagem rasukan,
yen dereng ngagem rasukan kulitipun Harya Sengkuni". Dewi Durpadi: "Pati-pati ngagem ukel,
yen dereng jamas rahipun Raden Dursasana". Dene lampahan Danumaya gandheng kaliyan
Lampahan Mintaraga tuwin Lampahan Mustakaweni. Prabu Danumaya ngudi tuwuh sedanipun
Prabu Niwatakawaca (ingkang eyang) tuwin Prabu Bimaloka (ingkang rama) dhateng Raden
Arjuna. Lampahan Jabelan, gegayutan kaliyan lampahan Obong-obongan Bale Sigalagala,
inggih punika prasetyanipun Resi Janadi (Resi Ijrapa), Bambang Sagotra tuwin Bambang
Rawan (Putranipun Resi Janadi) rehning sampun kapotangan kasaenan ingkang tanpa upami
dhateng Raden Werkudara minangka sarana ungguling yudanipun Pandhawa.
Taksih kathah malih. Upami lampahan ringgit purwa mboten adhedhasar sarasilah, saben
lampahan lajeng cuthel, kados dongeng limrah.
b. Nabi Adam lan Dewi Kawa
1) Dene urut-urutanipun sarasilah kados ing ngandhap punika:
Nabi Adam + Dewi Kawa
Putra dhampit pinten Nabi Sis + Dewi Mulat
pinten jodho
Sayid Anwas Sayid Anwar
Nurunaken para manungsa (Sahyang Nurcahya)
tuwin manungsa winahyu Nabi Nurunaken para dewa
tuwin para ratu
2) Kacariyos Nabi Adam kaliyan Dewi Kawa kagungan putra kathah sanget, saben babaran
temtu dhampit (sawetengan kalih, jaler kaliyan estri). Babaran kapisan ingkang jaler sae,
dene ingkang estri ayu. Babaran ingkang kaping kalih, jaler-estri awon sadaya. Makaten
saterusipun, selang seling. Sareng sampun diwasa, karsanipun Nabi Adam, putra jaler
ingkang awon dipun jodhokaken kaliyan ingkang ayu. Putra jaler ingkang sae kajodhokaken
kaliyan ingkang awon (mboten ayu). Kersanipun Dewi Kawa kosok wangsulipun. Ingkang
sae kedah kaliyan ingkang ayu, ingkang awon kedah kaliyan ingkang awon.
Rehning sami dene kencengipun, Nabi Adam damel pasang giri:
36
37. cahmbanjar
Kamanipun Nabi Adam lan kamanipun Dewi Kawa dipun wadhahi cupu piyambak-
piyambak, lajeng sami manungku puja, nyuwun pangadilan, sinten ingkang kamanipun
dados bayi, punika ingkang kedah dipun etut, martandhani karsanipun leres, saya kaidenan
dening Ingkang Murbeng Dumados.
Sareng pikantuk wangsit saking Ingkang Murbeng Gesang, lajeng sami wudhar
anggenipun semedi, wasana kedadosanipun:
Kamanipun Nabi Adam dados bayi priya, dene kamanipun Dewi Kawa dados rah. Bayi
jaler kaparingan Wahyu Nabi, sarta kaparingan tetenger: Sis. Saking karsanipun Ingkang
Murbeng Gesang pinaringan Wahyu Nabi. Mila sinebut: Nabi Sis.
Putranipun Nabi Adam ingkang mursal anggenipun jejodhoan (mboten miturut
kersanipun ingkang rama) lajeng oncat dhateng Nagari Cina, sami manembah brahala.
Wonten malih ingkang nama Kabil, rebatan bojo ayu kaliyan sadherekipun ingkang
nami Habil, ngantos kelampahan Sang Habil dipun pejahi dening Sang Kabil. Wekasan
Sang Kabil pikantuk benduning Ingkang Murbeng Dumados, kejepit ing siti, ambles
lumebet ing naraka.
3) Nabi Sis
Nabi Sis rehning mboten lahir dhampit, kaparingan jodho widadari, ingkang nami Dewi
Mulat. Peputra kalih, inggih punika Sayid Anwas lan Sayid Anwar.
4) Sayid Anwas
Tedhak turunipun Sayid Anwas wonten ingkang sinung wahyu Nabi tuwin Ratu, kadosta
Nabi Idris, Nabi Nuh, Nabi Ibrahim, Nabi Ismangil, Sultan Kinan, Sultan Barat, Sultan Muta
Wasal lan sanes-sanesipun.
5) Sayid Anwar
Sayid Anwar remen tapa brata. Gegayuhanipun luhur sanget kapengin dados jalma
ingkang pinunjul sadonya, sampun ngantos wonten ingkang ngungkuli kasektenipun.
Sasedyanipun kedah kasembadan. Jinurung saha winongwong ing Hyang Widhi. Kapengin
tan kenging pejah. Nunten linggar saking prajanipun. Iblis Ijajil mboten kasamaran, Sayid
Anwar tansah jinangkung. Nalika lampahipun Sayid Anwar dumugi ing pinggir benawi Nil,
Iblis Ijajil kanthi ngaken ingkang murbeng jagad nyewanten, Sayid Anwar kapurih terus
ngantos dumudi in tukipun benawi Nil. Sayid Anwar mituhu. Sareng dumugi ing tukipun
benawi Nil, Iblis Ijajil nyuwanten malih, "Anwar Delengen ing pucuke gunung iku, nuli
munggaha. Yen wis teka ing pucuk, cahya kang gumilang, gumantung tanpa canthelan ana
ing sandhuwure pucuk gunung itu lebonana!"
37
38. cahmbanjar
Sayid Anwar sumerep cahya gumilang mancorong pindha rembulan purnama
gumantung tanpa canthelan, sakalangkung anggenipun kasengsem, lajeng enggal minggah
dhateng pucuking redi, terus lumebet ing salebeting cahya wau.
Sayid Anwar sakalangkung eram, dene sadaya sarwi abra marakata, cahyanipun
angenguwung. Iblis Ijajil wicanten, "Anwar Satuhune ingsun Kang Murbeng jagad. Ya iki
kang jeneng Retnadumilah, yaitu kadhatoningsun. Sapa kang manggon ing kene yekti tan
kena ing pati. Retnadumilah gambaring swarga. Sabanjure bakal sun gelar ana ing pucuke
ardi Tengguru ing naga Benggala. Saiki terusna lakunira mangetan, yen wis tekan tlatah
nagara Dewani, sira tapaa ana ing sajroning guwa kang ana satengahing alas. Ing tembe sira
bakal jumeneng ratu ing kono satedhak turunira kang mituhu marang sira sarta ngidhep
marang ingsun, sawise tutug uripe ing marcapada, banjur unggahna kaswargan".
Midhanget pitedahipun Iblis Ijajil makaten wau, Sayid Anwar rumaos awrat nilar
kaswargan. Nanging ajrih yen ta mboten mituhu. Nunten medal saking kaswargan, saha
tumurun saking pucaking redi, terus mangetan. Sareng sampun dumugi nagari Dewani,
mlebet ing wana, madosi guwa kangge patapan. Enggaling cariyos, guwa sampun
pinanggih, prayogi sanget kangge mara tapa.
Kacariyos ingkang jumeneng ratu ing nagari Dewani jejuluk Prabu Nurradi tedhak
turuning Jin. Putranipun ontang-anting putri, kekasih Dewi Nurrini, sakalangkung endah ing
warni. Anuju satunggiling dalu, nyupena kedhatengan kaki-kaki, wangsit bilih calon
jodhonipun, satriya linangkung, asmanipun Sayid Anwar, samangke sampun wonten ing
salebeting guwa ingkang wonten satengahing wana ing nagari Dewani. Punika putranipun
Nabi Sis. Benjing saged peputra kakung satunggal, salajengipun badhe nurunaken para ratu
ing Benggala tuwin tanah Jawi. Dumugi samanten Sang putri wungu, enggal-enggal ngaturi
priksa dhateng Sang Prabu. Ingkang rama nunten nimbali Rekyana Patih Amir, kadhawuhan
ngupados supenanipun ingkang putra Dyah Nurrini.
Kyai Patih mundur, lajeng mesat ing gegana, wasana priksa teja manther wonten ing
madyaning wana. Enggal dipun purugi, pinanggih wedaling teja saking salebeting guwa.
Sareng dipun lebeti, katingal wonten satriya lenggah sidhakep asuku tunggal, kalimputan
ing cahya sumunar.
Kanthi manuara, Rekyana Patih lenggah ing ngarsanipun Sayid Anwar, aturipun, "Dhuh
dhuh Raden, kaparenga anila krami, sinten ingkang sinambat ing wangi, pinangka saking
praja pundi, teka kepati ambangun teki wonten ing salebeting gutraka ngriki".
Sayid Anwar gya wudhar gennya semadi, wangsulanipun: "Nama kula Sayid Anwar,
putranipun Kangjeng Rama Nabi Sis ing nagari Mekah. Wangsul andika sinten, saha wonten
karsa kadya pundi dene karaya-raya rawuh mriki?"
38
39. cahmbanjar
Patih: "Kawuningana, kula Warangka Nata ing praja Dewani ngriki, inggih Rekyana
Patih Amir. Mundhi dhawuhipun gusti Prabu Nurradi, andika katimbalan sageda sareng
salampah kula".
Sayid Anwar: "Kula namung ndherek ing karsa, sumangga!" Rekyana Patih saha Sayid
Anwar runtung-runtung medal saking guwa sowan Sang Prabu Nurradi.
Cekaking cariyos, sareng sampun seba ing ngarsanipun Sang Prabu, Dyah Nurrini
kadangu punapa leres ingkang dados panuwunipun. Dewi Nurrini matur sampun leres. Sayid
Anwar kataros badhe kadhaupaken kaliyan Dewi Nurrini, datan lenggana.
Lebar mikramakaken ingkang putra, lenggana sawatawis laminipun Sang Prabu seleh
kaprabon lumengser dhateng ingkang putra mantu: Sayid Anwar jejuluk Prabu Nurcahya.
c. Para Dewa (wiwit Hyang Nurcahya)
Sayid Anwar (Hyang Nuracahya Dewi Nurrini
Hyang Nurrasa
Hyang Darmajaka Hyang Wenang
1. Dewi Dremani Hyang Tunggal + Dewi Rekathawati
2. Dremana;
3. Triyata;
4. Caturkaneka;
1. Antaga, Togog;
2. Ismaya (Semar);
3. Manikmaya (Bathara Guru);
Narada (Resi Kanekaputra) 4. Darmastuti;
5. Dewanjali;
6. Lodra
1) Hyang Nurcahya
Hyang Nurcahya (Sayid Anwar) kaliyan Dewi Nurrini peputra kakung satunggal asma
Hyang Nurrasa.
2) Hyang Nurrasa
Hyang Nurrasa krama putra putrinipun Prabu Rawangin Ratu ing Pulo Dewata, kekasih
Dewi Rawati. Wekasan jumeneng ratu wonten ing Nagari Pulo Dewata, anggentosi ingkang
rama mara sepuh, jejuluk Prabu Nurrasa (Hyang Nurrasa). Peputra kalih, inggih punika:
Hyang Darmajaka lan Sanghyang Wenang.
3) Hyang Darmajaka
Garwanipun Hyang Darmajaka mboten nate kacariyos Peputra sekawan, inggih punika:
a) Dewi Dremani, kagarwa Hyang Tunggal
39
40. cahmbanjar
b) Hyang Dremana
c) Hyang Triyata
d) Hyang Caturkaneka (Peputra: Hyang Kanekaputra);
4) Hyang Wenang (Hyang Utipati utawi Hyang Suksmakawekas)
Hyang Wenang nyipta kahyangan Suralaya wonten ing sanginggiling mega ing laladan
nagari Keling.
Ratu nagari Keling, asmanipun Prabu Ari. Prameswarinipun asma Dewi Wisawati,
kagungan putra putri satunggal, nama Dewi Saoti.
Sang Prabu mboten rena sanget ngantos kongkulan kahyanganipun Sanghyang Wenang,
lajeng nglurug dhateng kahyangan Suralaya, kawon. Dewi Saoti tumunten kadhaupaken
kaliyan Hyang Wenang. Peputra satunggal, asma: Hyang Tunggal.
5) Hyang Tunggal
Hyang Tunggal maratapa wonten ing dhasaring saganten. Ratuning samodra jejuluk
Prabu Rekathatama, kagungan putra putri asma Dewi Rekathawati, kagarwa Hyang
Tunggal. Sareng peputra lair wujud antiga (endhog), mumbul ing awiyat, dipun tututi dening
Hyang Tunggal, mboten kecandhak.
Hyang Wenang kaleres saweg lelana wonten ing awiyat sanginggilipun Jawadwipa (Pulo
Jawi), priksa barang ingkang gumebyar cumlorot ngener dhateng saliranipun, sareng dipun
saut, jebul antiga. Lajeng dipun banting, dados lare jaler tetiga:
a) Cangkoking tigan dados Hyang Antaga, inggih Togog, Wijamantri utawi Wijanamantri;
b) Pethaking tigan dados Hyang Ismaya, Bathara Maya, inggih Semar;
c) Jenenipun tigan dados Hyang Manikmaya, inggih Bathara Guru;
Hyang Tunggal sareng marak ing ngarsanipun Hyang Wenang, dipun ngandikani bilih
lare tetiga punika putranipun, kedaadosan saking antiga ingkang mumbul ing antariksa.
Hyang Tunggal sakalangkung suka ing wardaya, sarta ngandika dhateng ingkang putra
tetiga, bilih salah satunggal ing tembe badhe ngratoni Suralaya, (Sura = Dewa. Laya =
panggenan) tuwin nurunaken para ratu ing Marcapada.
Mireng pangandikanipun Hyang Tunggal makaten punika, Antaga lan Ismaya sami rebat
sepuh saha rebat panguwaos, lajeng sami damel sayembara: sinten ingkang kuwawi nguntal
redi sarta saged nglepehaken malih, punika ingkang wenang ngratoni Suralaya sarta
nurunaken para ratu ing Marcapada.
Sakawit Wijamantri, mripatipun ngantos mendelik-mendelik, cangkemipun ngantos
suwek, ewa dene meksa mboten saged nguntal redi wau.
Gentos Ismaya, saged nguntal, mboten saged nglepeh, awit redinipun kendel wonten ing
bokong.
40
41. cahmbanjar
Inggih margi makaten punika, mripatipun Togog mendolo, cangkemipun wiyar, Semar
bokongipun ageng.
Sareng Manikmaya, saged nguntal sarta nglepehaken.
Hyang Tunggal ngandika, bilih ingkang kepareng ngratoni Suralaya sarta nurunaken
para ratu ing Marcapada punika Manikmaya. Dene Ismaya kadhawuhan ngratoni jagad
sonyaruri. Mila sadaya jim, setan peri, prayangan, gendruwo, siluman sapanunggilipun, sami
ajrih dateng Semar.
Togog kadhawuhan momong para ambek angkara murka, tansah asunga pepenget
dhateng momonganipun.
Dene Ismaya (Semar), samangsa sampun tumurun ing Marcapada, kadhawuhan
momong turasing Manikmaya ingkang sami ambek utami, luhur ing budi.
Putranipun Hyang Tunggal patutan kaliyan Dewi Dremani, tiga, inggih punika:
1.Hyang Darmastuti, 2. Hyang Dewanjali lan 3. Hyang Lodra.
6) Hyang Manikmaya
Hyang Manikmaya kepareng nunggak semi asmanipun ingkang rama tuwin ingkang
eyang, mung asma Hyang Wenang mboten kepareng tinunggak semi. Jejulukipun kathah
sanget, kadosta Hyang Girinata, Jagadnata, Jagadpratingkah, Bathara Guru, Siwahbuja,
Nilakantha, Kalawisesa lan sanes-sanesipun.
Hyang Manikmaya ngratoni Suralaya, nguwaosi Retnadumilah (kaswargan), dumunung
wonten ing sanginggilipun ardi Tengguru (Himalaya) ing nagari Benggala. Kedhatonipun
nama Jonggringsalaka, yen siniwaka wonten ing bale Martyukundha (Bale Marakata).
Garwanipun asma Dewi Uma. Saderengipun kagarwa Hyang Manikmaya, namanipun
Umayi, salah kedadosan, dhadha sapanginggil taksih wetah kados suwau, dhadha
sapangandhap arupi ulam tambra ageng, sliweran nglangi wonten ing tlaga. Tetiyang ing
tlatah ngriku sami manembah dhateng sang Umayi ingkang salah kedadosan wau.
Hyang Manikmaya rawuh ing papan ngriku. Tiyang-tiyang dipun serep-serepaken
menggah kelintuning panembahipun. Sakawit tiyang-tiyang sami puguh, mboten ndherek.
Sareng kaprabawan ing kemayanipun Hyang Guru, nembe sami asrah bongkokan.
Karsanipun Hyang Manikmaya, sang Umayi sinidhikara, mboten dangu wangsul kados
wingi uni sederengipun salah kedadosan, mandar langkung endah ing warni. Lajeng
kapundhut garwa, santun asma: Dewi Uma, ndherek makahyangan wonten ing Suralaya.
Wiwit kala samanten tiyangtiyang sami manembah dhateng Hyang Manikmaya.
d. Sarasilah wiwit Hyang Tunggal dalah putra wayah.
41
42. cahmbanjar
Dewi Dremani + Hyang Tunggal + Dewi Rekathawati
Darmastuti; Hyang Antaga Hyang Ismaya Hyang Manikmaya
Dewanjali;
Lodra Widadari Dewi Kanastren
1. Hyang Patuk
2. Hyang Temboro 1. Bathara Sambo
3. Hyang Kuwera 2. Bathara Brama
4. Hyang Mahyati 3. Bathara Endra
5. Hyang Siwah 4. Bathara Bayu
6. Hyang Surya 5. Bathara Wisnu
7. Hyang Candra 6. Bathara Ganesya
8. Hyang Yamadipati 7. Bathara Kala.
9. Hyang Kamajaya
10. Hyang Darmanastiti.
1) Hyang Patuk lan Hyang Temboro
Hyang Patuk lan Hyang Temboro, kalih-kalihipun gandhek ing Suralaya, pakaryanipun
ngemban dhawuh-dhawuh saking Hyang Girinata dhateng para Dewa.
2) Hyang Kuwera
Hyang Kuwera punika dewaning kasugihan, paring sandhang lan tedha dhateng para
titah ing Marcapada.
3) Hyang Surya
Hyang Surya punika dewaning surya. Sarwi titi, nastiti, ngatos-atos, mboten grusa-
grusu, sareh nanging pakoleh. Kahyanganipun Hyang Surya wonten Ekacakra. Garwanipun
kalih, inggih punika Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Putranipun ingkang asring kocap
wonten ing paringgitan inggih punika Hyang Rawiatmaja. Wonten malih ingkang miyos
saking Dewi Kunthitalibrangta, lair mboten medal ing margaina, inggih punika Raden
Suryaatmaja.
4) Hyang Candra
Hyang Candra punika dewaning rembulan, utawi dewaning sengsem. Remen adamel
senenging sagung dumados, pangawak merakati, sumeh amanis, saged nuju prana.
5) Hyang Yamadipati
Hyang Yamadipati punika dewaning naraka, watakipun tegelan, matrapi paukuman
dhateng titah ingkang tumindak nasar, sarana kacemplungaken ing naraka.
Kahyanganipun wonten ing Argadumilah. Garwanipun asma Dewi Mumpuni.
6) Hyang Kamajaya
Hyang Kamajaya punika dewaning kasaenan (rupi sae). Garwanipun Dewi Ratih utawi
Kama Ratih, dewaning ayu. Lacuting pangucap: kasaenan ing Suralaya miwah Marcapada
42
43. cahmbanjar
sadaya, ingkang sapalih dumunung wonten ing Bathara Kamajaya lan Raden Janaka.
Ingkang sapalih dipun edum para Dewa sa Suralaya tuwin tiyang jaler sajagat. Makaten ugi
ayu sa-Suralaya tuwin sajagat, ingkang saparasekawan dipun enggeni Dewi Ratih, Dewi
Sumbadra, ugi saparasekawan, ingkang sapalih dipun edum para widadari ing Suralaya
tuwin para wanita sajagat. Kahyanganipun wonten ing Cakrakembang.
Hyang Kamajaya tuwin Dewi Ratih sanget tresnanipun dhateng Raden Janaka tuwin
Dewi Sumbadra. Mila tansah rumeksa kawilujenganipun Raden Janaka miwah Dyah Wara
Sumbadra.
7) Hyang Brama
Hyang Brama punika dewaning latu. Watakipun galak, wentalan dhateng mengsah.
Kahyanganipun wonten ing Duksina.
Hyang Brama punika senapatining prajurit Dorandara (wadya bala Suralaya). Papan
methukaken mengsah saking Marcapada wonten ing Repatkepanasan.
Putranipun Hyang Brama ingkang asma Bambang Bremani dhaup kaliyan putra
putrinipun Hyang Wisnu ingkang asma Dewi Srihunon. Peputra Bambang Parikenan, inggih
punika ingkang nurunaken Pandhawa lan Kurawa.
Sasampunipun peputra Bambang Parikenan, Dewi Srihunon kapirak, kaaturaken dhateng
ingkang raka ingkang asma Bambang Bremana.
Wonten malih putra putrinipun Hyang Brama ingkang asma Dewi Bremanisati, kagarwa
Sang Bramanaraja, ingkang nurunaken para ratu ing Ngalengkadiraja.
8) Bathara Endra
Bathara Endra punika dewaning para widadari, watakipun berbudi, seneng paring
nugraha dhateng titah ing Marcapada ingkang labet utami.
Kahyanganipun wonten ing Kaendran, Endraloka, Tejamaya utawi Tinjomaya.
Garwanipun asma Dewi Wiyati. Kagungan putra putri kalih inggih punika, Dewi Tara,
(kaparingaken dhateng Resi Subali) lan Dewi Tari (kapangingaken dhateng Prabu
Dasamuka). Dewi Tara pawingkingipun dados garwanipun Prabu Sugriwa.
9) Bathara Bayu
Bathara Bayu punika dewaning angin. Remen nastitekaken watak tuwin pandamelipun
titah ing Marcapada. Peputra Bathara Sumarma, ingkang nurunaken para ratu ing Cempala
tuwin para pandhita ing Atasangin. Kagungan putra angkat kalih, inggih punika Resi
Anoman lan Raden Werkudara. Mila kalih kalihipun peparab Bayusuta, sami dene saged
angreh angin, mila nami dene ngagem dodot poleng bintulu tuwin kuku pancanaka.
43
44. cahmbanjar
Siswanipun Bathara Bayu kajawi Anoman kaliyan Werkudara, wonten malih, inggih
punika Wil Jajahwreka, Bagawan Maenaka, Liman Satubanda, Naga Kurawa lan Garudha
Mahambira.
Kahyanganipun Bathara Bayu wonten ing Gendhingpitun.
10) Bathara Wisnu
Bathara Wisnu punika dewanipun kasekten. Remen memayu ayuning bawana. Mila
asring nitis dhateng titah ing Marcapada minangka lantaran anggenipun nyirnakaken para
ambek angkara murka gelah-gelahing bumi. Kacariyos titisipun Bathara Wisnu ingkang
wekasan inggih punika Prabu Jayabaya, Ratu ing Mamenang (Kediri).
Nate wadhag kaliyan alusipun nitis piyambak-piyambak Alusipun nitis dhateng Raden
Arjuna (Permadi), wadhagipun nitis dateng Raden Narayana. Makaten ugi garwanipun
ingkang asma Bathari Sri. Alusipun nitis dhateng Dewi Wara Sumbadra wadhagipun nitis
dhateng Dewi Jembawati.
11) Gajah Sena
Gajah Sena punika putranipun Bathara Guru, ingkang saged mecah bungkusipun Raden
Bratasena, sasampunipun glundhang-glundhung wonten ing samadyaning wana ngantos 8
tahun, malah sampun kasusulan kadangipun taruna Raden Premadi.
12) Hyang Ganesya (Hyang Gana)
Hyang Ganesya utawi Hyang Gana punika dewaning kawruh utawi kawicaksanan.
13) Bathara Kala
Bathara Kala punika kedadosan saking kama salah (Kama ingkang mboten katampen ing
baga). Inggih punika kamanipun Bathara Guru nalika ambujeng Dewi Tenana ingkang
saweg tapa ngrumbang wonten ing Tlaga Madirda, sarira nglegena. Satemah Bathara Guru
kenyut. Derenging karsa arsa mangrurah asmara mring Dewi Tenana, satemah korut
kamanipun, kedadosan latu mangalad-alad sundhul ing ngawiyat tan kenging sinirep.
Wekasan dados lare anama Bambang Kumali. Pawingkingipun dados danawa geng
kalawung-lawung, inggih punika Bathara Kala.
14) Para dewa sanes-sanesipun
a) Bathara Panyarikan
Bathara Panyarikan punika juru serat ing Suralaya.
b) Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata
Bathara Cingkarabala kaliyan Bathara Balaupata padamelanipun jagi kori
Selamatangkeb (Sikandhawaru). Manawi wonten titah Marcapada badhe malebet ing
Kahyangan Suralaya tanpa idinipun Hyang Pramesti Guru, lajeng kawangsulaken dening
dewa kekalih punika.
44
45. cahmbanjar
c) Hyang Baruna
Hyang Baruna punika dewaning Samudra (dewaning toya). Watakipun tegelan dhateng
sok sintena ingkang atindak dur. Mila tansah ngasta sanjata Nagapasa kangge nalikung
para titah Marcapada ingkang tumindak slingkuh utawi culika.
d) Hyang Anantaboga
Hyang Anantaboga (saleresipun sanes: Hyang Antaboga) punika dewa ingkang anyanggi
bumi. Inggih dewaning sawer. Pepindhanipun oyoding wit utawi tanem tuwuh ingkang
tansah anggesangi tanem tuwuh ingkang dados tedhaning titah Marcapada. Garwanipun
asma Dewi Supreti (Dewi Suparti), peputra Dewi Nagagini kaliyan Bambang
Nagatatmala.
Dewi Nagagini kagarwa Raden Werkudara, peputra Raden Anantareja (Satriya ing
Jangkarbumi). Ugi asma Raden Danupratala.
e) Hyang Mahyati, Hyang Siwah lan Hyang Darmanastiti.
Hyang Mahyati, Hyang Siwah lan Hyang Darmanastiti mboten kocap lampahanipun.
Hyang Ismaya
Bathara Surya
Hyang Rawiatmaja
Hyang Karaba
Hyang Dewangkara
Hyang Dewanggana
Resi Dewasana Resi Dewatama
Resi Gotama
Prabu Heriya Resi Wisageni
Dewi Anjani Resi Subradra Prabu Sugriwa
Prabu Kartawirya
Anoman Anggada
Prabu Arjuna Sasrabahu
Trigangga
Resi Suwandageni Resi Jamadagni
Sumantri Sukasrana
e. Sarasilah Maespati (Wiwit Hyang Ismaya lan saterusipun).
1) Prabu Heriya
45
46. cahmbanjar
Ratu nagari Maespati kapisan inggih punika Prabu Heriya ginentosan Prabu Kartawirya.
Ingkang wekasan, Prabu Arjunasasrabau, sasampunipun maratapa wonten ing guwa Ringin
putih.
Salebetipun maratapa, Yaksamuka utusanipun Prabu Dasamuka ngupados sirah pandhita
cacahipun sewu (1000), kangge minangkani pepanggilipun Dewi Citranglangeni putri ing
Tunjungpura, saweg miber amargi dipun oyak-oyak dening Bambang Kartanadi, dumugi
sanginggilipun guwa Ringinputih, dhawah kantaka.
Sang Arjunasasrabau miyos. Yaksamuka dipun usada waluya jati. Bambang Kartanadi
dhateng, nyuwun Yaksamuka: mboten kaparingaken, dados pancakara. Bambang Kartanadi
kasoran, nungkul, lajeng suwita dhateng Sang Arjunasasrabau
Sang Arjunasasrabau tindak dhateng Tunjungpura bade nglamar Dewi Citranglangeni,
kadherekaken dening Yaksamuka tuwin Bambang Kartanadi. Wonten ing Tunjungpura
Yaksamu ka dipun perung kupingipun dening Bambang Kartanadi kapurih wangsul dhateng
Ngalengkadiraja. Dumugi ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, dipun pejahi pisan dening
Prabu Dasamuka.
Dewi Citranglangeni kagarwa Sang Arjunasasrabau, kaboyong dhateng Maespati, terus
jumeneng nata nggentosi ingkang rama Prabu Kartawirya.
Prabu Arjunasasrabau titisipun Hyang Wisnu Kacariyos garwanipun ampilan : dhomas
(800).
2) Resi Wisageni
Resi Wisageni peputra Resi Suwandageni kaliyan Resi Jamadagni (Resi Ramabargawa).
3) Resi Jamadagni
Gentur tapanipun, tur wandat (mboten nggarwa). Pratapanipun wonten ing Sambiharja.
Yuswanipun panjang sanget, ngantos rumaos bosen gesang wonten ing Marcapada. Nalika
lelana namung ngasta jemparing Bargawastra.
Prabu Arjunasasrabau seda nalika tandhing kaliyan Resi Rama Bargawa, amargi
kejeplakan gandhewaning Bargawastra.
Pawingkingipun Resi Rama Bargawa seda dening Prabu Ramawijaya, titisipun Prabu
Arjunasasrabau inggih titising Hyang Wisnu. Sukmanipun Resi Rama Bargawa dados
Dewa, asma Hyang Ramaparasu utawi Hyang Parasurama.
4) Resi Suwandageni
Padhepokanipun wonten ing Ardisekar. Gentur tapanipun, Peputra kalih inggih punika
Raden Sumantri (Patih Suwanda) lan Raden Sukasrana.
5. Resi Gotama
46