SlideShare une entreprise Scribd logo
1  sur  7
Télécharger pour lire hors ligne
PRESENTASI BASA JAWI
Kelas : XII IPA 4
Nami Anggota :
1. Dwi Khoirotun Nisak
2. Kartika Setyarini
3. Rafika Amalia
4. Riani Nazila
5. Siti Zuhrotun Nisa’
6. Tisha Alya Arifiani
WAYANG
         Wayang dumadi saking tembung wod "yang/
hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang
dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja
cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan
utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa.
Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa.
Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé
katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning
dhalang kanthi iringan gamelan.
Wayang yoiku pagelaran ingkang migunakake
boneka kangge lakon-lakone. Bonéka kasebut bisa kang
wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2
dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang
biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3
dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani
penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar
karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga
ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging
wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing
kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang
kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk
pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi
media digital kasebat e-wayang.
Sejarahe Wayang
       yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang
kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon
wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran
iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
       Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis
perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang
apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan
tinggalan sajarah kang wis ana.
       Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti
ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa
bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung,
udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang
macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang
kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang
béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo
kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh
(991-1016), akèh crita saka India kang mlebu lan digawé gagrag
jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit
nguwasani Nusantara.
      Crita-crita kang asliné saka India iku pungkasané wis geseh karo
sadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa
kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.
      Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing
panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag
tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé
kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Sebutane Wayang
          Yèn dijupuk saka ukarané, wayang kuwi saka
wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi
lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa
diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kang
ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé saka
kayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wis
dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang.
          Umumé, sebutan wayang tinuju marang
wayang kulit purwa. Wayang iki digawé saka tatahan
kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan
Ramayana.
JENISING WAYANG
• Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki
  digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk
  saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten,
  Trunajaya, lsp.Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara
  Arab.Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo
  kelir utawa layar kayata wayang kulit.
• Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang
  digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing
  Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung
  bisa ditemokakè ana musèum.
• Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun)
  wong. Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung
  Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.
• Wayang Kancil:Wayang iki uga diarai '''wayang Dupara'''.Wayang sing
  digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
• Wayang Wahyu: uga kasebut '''wayang bibel''' iki diciptakè dèning Bruder
  Tèmothèos kanggo nyiarkè agama Kristen.

Contenu connexe

Presentasi basa jawi

  • 1. PRESENTASI BASA JAWI Kelas : XII IPA 4 Nami Anggota : 1. Dwi Khoirotun Nisak 2. Kartika Setyarini 3. Rafika Amalia 4. Riani Nazila 5. Siti Zuhrotun Nisa’ 6. Tisha Alya Arifiani
  • 2. WAYANG Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan.
  • 3. Wayang yoiku pagelaran ingkang migunakake boneka kangge lakon-lakone. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
  • 4. Sejarahe Wayang yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur. Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana. Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
  • 5. Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita saka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara. Crita-crita kang asliné saka India iku pungkasané wis geseh karo sadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan. Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
  • 6. Sebutane Wayang Yèn dijupuk saka ukarané, wayang kuwi saka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé saka kayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang. Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawé saka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.
  • 7. JENISING WAYANG • Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp.Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab.Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit. • Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum. • Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi. • Wayang Kancil:Wayang iki uga diarai '''wayang Dupara'''.Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil. • Wayang Wahyu: uga kasebut '''wayang bibel''' iki diciptakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarkè agama Kristen.