1. Bahasa Jawa Kelas IX
Ayo sinau basa Jawa supaya ora kalah karo wong
landa...supaya besuk dadi sarjana kang duwe tatakrama lan
subasita...
2. Kethoprak = Ludrug = Tarling = Drama
= Pragmen = Sandiwara. Yaiku
pentas seni, sing biasane saklakon
rampung
Kethoprak Jawa Tengah
Ludrug Jawa Timur
Tarling Jawa Barat
Dene Drama, Pragmen, Sandiwara iku
istilah ing Bahasa Indonesia, neng
kabeh mau tegese padha.
Sandiwara
3. Minangka karya sastra, sandiwara/
kethoprak uga duwe unsur – unsur
intrisik.
Unsur intrinsik yaiku unsur
pembangun (perlengkapan sing
nyebabake karya sastra iku dadi ana.)
Unsur-unsur intrinsike yaiku:
1. Paraga/ tokoh Suasana
2. Setting/ Lattar Tempat
3. Amanat Waktu
4. 4. Alur / Jalan cerita.
Dene alur diperang dadi:
1. Alur maju
2. Alur mundur
3. Alur gabungan
5. Yaiku karangan kang isine
njlentrehake prastawa kanthi urut/
kronologis.
Tuladha
Dina Minggu esuk, jam pitu aku lunga
menyang Widuri. Tekan ing kana jam
setengah wolu. Banjur tuku karcis
mlebu,
renang nganti bosen, bar iku aku
tata-tata bali tekan ngomah jam 12
awan.
6. 2. Deskriptif
yaiku karangan kang isine
deskripsikake/ nggambarake
babagan, kanthi tembung-tembung
kang cetha, lan deteil.
Tuladha
Ing Widuri wayah sore,
pemandhangane katon endah,
biasane menawa srengenngene arep
angslup. Cah nom-noman akeh sing
teka mung kanggo deleng srengenge
7. 3. Eksposisi
yaiku karangan kang isine,
mamarake babagan kanthi cetha,
runtut.
Tuladha
Gawe klepon
Bahan kang dibutuhake yaiku tepung
beras ketan seprapat, gula jawa,
godhong suji, pandan, lan klapa.
Cara gawene.
8. Beras ketan diuleni, nganti ulet, ben bisa
dibentuk. Diwenehi warna nganggo godhong
suji utawa pandan, kang sadurunge wis
diblender supaya metu banyune warna ijo.
Gula jawa disisir supaya lembut utawa diiris-
iris, yen kabeh wis siap, uripke kompor, panci
diisi banyu setengah panci. Karo ngenteni
banyu umub mulai gawe klepon/ mbentuk
klepone. Jupuk adonan kurang luwih
sesendhok, diunder-under, jur dipenyet
tengahe nganggo driji terus diwenehi gula
jawa, bar iku diunder-under maneh supaya
gulane ketutup. Menawa banyu wis umub,
klepon siap dileboke panci, menawa wis
ngambang tegese
9. Wis mateng. Bisa diserok. Mangkono
seteruse nganti adonan entek.
Menawa wis tiris, klepon siap
disajikake ing piring saji, dhuwure di
wenehi klapa, bisa uga ditambah gula
pasir ing klapane kanggo nambah
gayeng menawa dipangan anget-
anget.
10. 4 Argumentasi yaiku karangan kang isine
argumentasi / pendapat ngenani
babagan kang diandarake.
Tuladha
Bocah kelas vii angkatan tahun 2010
iku bocahe manut-manut lan pinter-
pinter, tinimbang bocah kelas vii
angkatan tahun 2011. Sebab bocah
kelas vii angkatan tahun 2011 senenge
telat mlebu kelas, akeh sing ora nggarap
PR, yen ganti pelajaran akeh sing melu
metu. Ora semangat yen melu
pelajaran.
11. 5. Persuasi yaiku karangan kang isine
ngajak-ajak sing maca/ usaha mbujuk
sing maca supaya gelem tumindak kaya
kang ana ing jerone tulisan
Tuladha
Bocah sekolah supaya bisa munggah
kelas kanthi biji sing apik, mula kudu
segrep samubarange. Aja seneng telat,
sregep nggarap PR, disiplin ing tugas,
mula saka iku bocah sekolah kudu
ngurangi dolan lan nonton tivi, supaya
ora kawanan lan bisa mangkat sekolah
kanthi tepat wektu.
12. Langkah Nulis Karangan
1. Nentokake tema
2. Ngembangake
tema dadi
cengkorongan/
kerangka karangan
3. Ngembangake
cengkorongan dadi
paragraf.
4. Menehi judhul/ irah-
irahan
13. Gawea karangan kanthi milih
salah siji tema ing ngisor iki
1. kemah
2 kerja bakti ing
desa
3 pengetan
kemerdekaan ing
desa
4 cita-citaku
14. Pawarta
Pawarta yaiku informasi kang
digiyarake kanggo masyarakat umum.
Dene panyebare pawarta lumantar
media massa, kang wujude bisa
elektronik utawa cetak.
Media elektronik contone TV, Radio,
internet.
Media cetak contone koran / ariwati
15. Tuladha pawarta
Pesawat ceblok
Pesawat sukhoi jet 100, ceblok ing
gunung Salak, korban kabeh sing dadi
penumpange. Pesawat iku gawean
Rusia mula Rusia uga ngedhunake
tim sar kanggo golek korban-korbane.
17. Pathokan Tembang Macopat
1. Guru Lagu, yaiku tibane suara vokal
ing pungkasan gatra.
2. Guru Wilangan, yaiuk jumlah
wanda/ jumlah suku kata saben larik/
baris/ gatra.
3. Guru Gatra, yaiku jumlah larik/
baris/ gatra saben padha/ bait.
18. Tuladha
Megatruh laras Pelog Pathet Barang
A ja ke rut tan dang tan duk kang ke
ban jur
Tin dak i ra kang u ta mi
Ja ga nen ka beh kan ca mu
Pe Ke Es I ku den u di
Ra ha yu ing kang wi ga tos
19. A ja ke rut tan dang tan duk kang ke
ban jur
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11
12
Tin dak i ra kang u ta mi
1 2 3 4 5 6 7 8
Ja ga nen ka beh kan ca mu
Pe Ke Es I ku den u di
Ra ha yu ing kang wi ga tos
20. Gladhen
1. Gawea teks pacelathon, temane
ngaturi undhangan pak RT.
2 pilihen topik ing ngisor iki, banjur
gawenen crita jur critakake marang
kancamu ing ngarep kelas.