SlideShare une entreprise Scribd logo
1  sur  48
BUSANA KAKUNG
SURAKARTA
1. Mayang Puspa P (15/XII MIPA 4)
2. Rindi Tintiana (21/XII MIPA 4)
3. Rio Janggan P (22/XII MIPA 4)
4. Syafrie Bayu K (26/XII MIPA 4)
5. Yeni Pangestu (27/XII MIPA 4)
SEJARAHIPUN AGEMAN JAWI GAGRAG
SURAKARTA
 Ngrembag bab busana jawi ing Surakarta punika boten saget uwal
saking budaya Jawi, jalaran busana Jawi kalebet wohing budaya
Jawi. Dene budaya Jawi ing ngriki, tegesipun budaya Jawi ingkang
sumberipun saking Karaton Surakarta.
 Busana tatanan Karaton Surakarta punika ing sakawit jaman
jumenengipun Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping III rikala
hamarengaken Kanjeng Pangeran Mangkubumi, ingkang rayi saking
Sinuhun Paku Buwana II (tasih Bapa Paman piyambak kaliyan PB.II)
kepareng hangrenggani Karaton Ngayogjakarta jumeneng Sultan
Hamengku Buwana I, busana lami ingkang dados tetilaran saking
Majapahit, Demak, Pajang, saha Mataram kasuwun dening Pangeran
Mangkubumi kagem ing Karaton Ngayogjakarta kados ingkang sami
dipun wuningani ing wekdal sakpunika. Kanthi makaten Sinuhun
Paku Buwana III ing Surakarta lajeng hanganggit lan iyasa busana
tumrap Surakarta ngantos sepriki kados ingkang wonten punika,
sinaosa rikala Sinuhun Paku Buwana IX lan Sinuhun Paku Buwana X
ngawontenaken ewah-ewahan sawetawis.
 Menggah ingkang badhe katerangaken ing ngandhap
punika, bab pangageman Jawi Surakarta tumrap
kakung, ingkang kalimrah sami dipunagem ing wekdal
punika. Dene katerangan punika, awewaton wewarah
dalem Sampeyandalem Ingkang Sinuhun Kanjeng
Susuhunan Paku Buwana IX rikala taksih asma Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Anom.
 “Hanyenyandhang manganggo iku dadya sarana
memangun manungsa njaba njero, marmane
pantesen panganggonira, trepna pangetrepaning
panganggon, cundhukna kalawan kahananing
badanira, kalungguhan miwah pepangkatanira”
 Makaten pangandhika dalem ISKS Paku Buwana IX rikala tasih jumeneng
pangeran pati, ngemu pikajeng dhateng kasusilan. Tegesipun kedah
saget jumbuhaken dhateng pribadinipun piyambak ingkang jumbuh
kaliyan tatalair lan batin. Cundhuk kaliyan kalungguhan sarta
pepangkatanipun miwah trep-trepanipun panganggen.
 Ing alam sak punika tiyang Jawi manawi mangangge sandhanganipun
sampun boten dipunpersudi malih, malah kathah ingkang waton
mangangge boten mangangge mawi waton. Manawi badhe dados
tiyang Jawi punika kedah saged ngasoraken dhiri murih sengseming
sesami, aja seneng diarani wong gedhe nanging sejatine dudu. Sabab
sandhangan punika sampun saget mastani kalungguhan miwah
pepangkatanipun, manawi wonten priyantun ingkang mangertos dhateng
kasusilan manganggenipun boten badhe sapikajengipun piyambak,
kedah ngemuti dhateng wewaton. Limrahipun ing bebrayan namung
dhasar tiru-tiru, kalebet para juru paes tasih kathah ingkang sami boten
nyumerapi tataning panganggon, kamangka bab tata busana punika,
wonten beda bedanipun, trep-trepanipun punika ingkang dipun wastani
jembaring budaya Jawi.
PRINCENIPUN AGEMAN JAWI
KAKUNG
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta
ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut
kados ing ngandhap punika:
1. Udheng
2. Kulambi
3. Sinjang /Dodot
4. Setagen
5. Sabuk
6. Epek Timang lan Lerep
7. Samir
8. Dhuwung
9. Cenela utawi selop
UDHENG
a. Pangertosan Udheng
 Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi
sampun dados kantun hangagem. Dene basa
kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang
dipunagem kangge nutupi sirah.
 Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud
pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet
supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit
miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak
menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun
dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
 Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge
dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu
(taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi
tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe
pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking
ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng
dipun udari malih.
b. Wangunipun Udheng
Miturut wangunipun, ingkang kaprah wonten kalih inggih punika.
1) Udheng Jebehan
 Udheng jebehan menika titikanipun ing ngajeng mboten mawi
kuncungipun, sisih wingking mondholanipun terusan mlered saking
nginggil mangandhap mujudaken irung-irungan lonjong nanging
trepes. Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten jebehanipun,
awujud elar-elaran, mangiwa lan manengen. Ingkang besus
mangagem udheng menika badhe katinggal merbawani sabab
menika namung mligi ka-agem dening piyayi luhur.
2) Udheng Cekok Mondhol
 Titikanipun udheng cekok inggih menika ing ngajeng wonten
kuncungipun, dene ing wingking wonten mondholanipun, awujud
lonjong kados tumempel ing wingking udheng. Sisih nginggilipun
mondholan wonten rerengganipun awujud dhasi kupu alit.
c. Peranganipun Udheng
Nama – nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:
· Kuncung
 Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten
ngajeng ing tengah pas bathuk. Kuncung menika namung wonten
ing udheng cekok mondhol.
· Wiron
 Inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng
warninipun, mapanipun wonten ngajenganipun udheng pas kiwa
lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar).
· Sunglon
 Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak
nginggiling wiron.
· Kemadha
 Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten
kiwa tengenipun udheng. Ingkang lancip menika kawastanan
cakrik pangkur.
· Talingan
 Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi
melengkung supados trep mapan sak nginggilipun talingan.
· Modangan
 Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng
mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking
ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).
· Mondholan
 Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu
lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingking
udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
· Pucuking Udheng
 Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik
perbawan (ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa). Dene
manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem
hanggadahi raos Satriya).
 Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang
isen-isen sekar. Utawi cakrik pangkur ingkang wonten untu walang.
 Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman
taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.
Warninipun Udheng
Ing wekdal sakpunika warnining udheng wonten kalih inggih punika:
a) Seratan Bathik, b) Sekaran (kembangan).
Dene udheng Bathik wonten 4 warni inggih punika:
1) Udheng Byur
Pinggir mawi kemada, bathikanipun cakrik semen, lereng, lung-
lungan, ceplok, lan sanesipun.
2) Udheng Tengahan
Mawi semukirang, mawi bvengkok garis kenceng, tengahipun petjhak
utawi sekaran, pinggir mawi kemada sungging. Antawisipun kemada
kaliyan tengahan kabathik latar pethak, latar cemeng, ceplokan lan
sanesipun.
3) Udheng Modang
Pinggir mawi Kemada, wingking mawi Umpak, bathikanipun modang,
Pangkur, Ceplok, lereng, lung-lungan.
4) Udheng Celeng
Pinggiripun mawi Kemada, wingking mawi umpak, bathikanipun mawi
cakrik lung-lungan ceplok, lereng, tengah cemeng byur.
Udheng Bangsanipun Sekaran antawisipun inggih punika:
1). Irawan
 Pinggir mawi bathik kemada mawi umpak, tengah kabathik
semukirang latar pethak. Antawisipun semukirang kaliyan umpak
kasekar kadosta :gadhung, Wungu. Kenthol.
2) Sekaran
 Udheng sekaran punika warni-warni miturut ulesipun pulas
kadosta: gadhung tengah pethak, dipun wastani gadhung
mlathi. Biru tengahipun pethak, bangun tulak lan sanesipun.
3) Rintik
 Ules kaliyan naminipun Sekaran, naming saking pinggir 2 CM
kajumput wangunipun kadosta: Regulon, Tapakm dara,
Cengkehan, Kembang Jeruk.
4) Wulung
 Udheng ulesipun byur cemeng, padatan sunglonipun lancip cakrik
perbawan.
Patrapipun Hangagem Udheng
 Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring,
methongkrong menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan
wironing udheng wiyaripun setunggal nyari.
Paugeran Hangagem Udheng
 Ngagem Udheng ugi wonten paugeranipun, utaminipun manawi sowan dhateng
Karaton mboten kenging sak sekecanipun piyambak.
1. Ing Karaton Surakarta
a. Udheng Jebehan
 Udheng menika ageing para luhur, inggih menika Ingkang Sinuhun, Para putra
Sentana, kaliyan para abdidalem ingkang hanggadahi Sesebatan Riya nginggil
(KRA), kalebet ingkang anon-anon.
b. Udheng Cekok Mondhol Kuncung
 Agemanipun Bupati Riya, Bupati Sepuh sak pangandhap inggih punika wiwit
saking sesebatanKRAT, KRMT, KRT, RMT, RT, Panewu, Mantri saha Lurah.
Kalebet ingkang anon-anon.
2. Ing Sanjawining Karaton
 Wonten sanjawining Karaton panganggenipun Udheng merdika (bebas),
padhatan ingkang dipun agem Udheng Jebehan, inggih wonten pahargyan
menapa kemawon, kalebet wonten ing kasripahan (layatan).
KULAMBI UTAWI RASUKAN
a. Pangertosanipun
 Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana
Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika
Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking
kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755
Masehi. Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami
ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala
Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku
Buwana X. gandheng punika naming winates bab
rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem
priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika,
inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku
Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap
punika.
b. Wanguning Kulambi Utawi Rasukan
 Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku
wonten warni kalih inggih punikaAtellah kaliyan Beskap, menggah
sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit
inggih punika Beskap saha Atellah.
1) Atellah
 Ingkang dipun
wastani Atellah makaten,
awujud jas tutup. Dados wiwit
gulonipun, ing tengah katutup
dumugi sak
pangandhap. Kancingipun
wonten tengah-tengah wiwit
sak ngandhaping Jangga sak
pangandhap, limrahipun
wonten 5 kancing utawi
benik. Dene sisih wingking sak
ngandhap pengkeran dipun
krowok, kangge ngetingalaken
nyengkelit dhuwung.
2) Beskap
 Beskap makaten wujud jas,
gulonipun tutup kanthi kancing
ing sisih tengah. Dene
kapernah jaja (dhadha) sak
pangandhap katutup mawi
tangkepan mangiwa, miring
mangandhap. Kancingipun kiwa
sak pangandhap wonten
tiga. Dene sisih tengen jaja
dipun pasangi kancing (benik)
ugi cacah kalih mapanipun sami
kaliyan kancing ing kiwa,
minongka
pasren. Kadosdene atellah, ing
wingking sak pangandhap
pengkeran dipun krowok,
kangge nyengkelit dhuwung.
3) Sikepan
 Sikepan makaten wangunipun
sami kaliyan Atellah kanthi
bikaan ing tengah, namung
bikaanipun kadamel cupet,
dados mboten saget katutup
kakancingaken. Ing sisih
tengen bikaanipun dipun
pasangi kancing, namung
minongka pasren. Ing
perangan nglebet dipun agemi
rasukan Rompi Pethak, gulon
tutup mawi kancing sisih
tengah sak
pangandhap. Sarehning
agemanipun mboten saget
kakancingaken, pramila
manawi ngagem Rompinipun
tartamtu ketingal.
4) Langenharjan
 Langenharjan punika
satunggaling ageman ingkang
kathah emperipun kaliyan
busana “Barat” inggih punika
Jas bikak kados
TEXIDO. Tegesipun
sakngandhapipun gulu
tutupipun jas kawalik
kaprenahaken mangiwa lan
manengen.
 Kancingipun wonten setunggal
menapa kalih. Sanesipun
pasren. Ing sisih wingking
sakngandhap pengkeran ugi
dipun krowok. Dene rasukan
ingkang wonten nglebet wonten
rangkep kalih. Nglebet
piyambak “Hem” lengan
panjang kanthi gulonipun jejeg
ngadeg manginggil (staande
kraag) dipun paringi dasi kupu-
kupu. Nembe dipun rangkepi
Rompi kancing tengah.
5) Beskap Landhung
 Beskap landhung punika
wangunipun sami
kaliyan beskap limrah, namung
badanipun langkung panjang
kados dene jas limrah. Samanten
ugi wingkingipun mboten dipun
krowok, kajawibeskap
landhung ugi wonten wangun
atellah landhung.
 Kajawi menika taksih wonten
rerangkenipun ageman kasebat
ing nginggil inggih punika ingkang
dipunwastani”Kemejan” inggih
punika rangkepaning gulon saha
rangkepaning pucukan lengen,
awujud kain pethak ingkang
kajahit rangkep wiyaripun kirang
langkung 5 Cm. panjangipun
kaukur sami kaliyan ubengipun
gulon saha pucukan lengen.
6) Taqwa
 Taksih wonten malih ingkang
perlu dipun mangertosi
wontenipun ageman mligi
kagem Ratu utawi Nata inggih
punika busana Taqwa. Busana
punika Iyasanipun Kanjeng
Sunan Kalijaga, mligi kagem
para Nata. Sak punika asring
dipun agem dening ISKS Paku
Buwana XIII
arupi beskap,namung ing sisih
ngajeng (jaja) tangkepipun
panjang dumugi
ngandhap. Dene kulukipun
kanigaran.
c. Warnining Kulambi Utawi Rasukan
 Warninipun busana ing Karaton Surakarta kabentenaken
antawisipun atellah kaliyan beskap. Tumrap Atellah warninipun
namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan
pethak. Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton
Surakarta. Dene beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun
saget warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan
sanesipun.
d. Paugeran Pangageming Rasukan
1) Ing Karaton Surakarta
 Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing
pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun
bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi
limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng. Dene
pisowanan padintenan warninipun merdeka.
a) Pisowanan Ageng
(1) Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP,
KRA agemamnipun sikepan cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng
Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang.
(2) Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun
Sikepan Cekak warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka
Ladrang.
(3) Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang
sesebatanipun KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”,
Udheng Cekok Mondhol Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar samir.
(4) Abdi-dalem sanesipun Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng,
Udheng Cekok mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar
samir.
b) Pisowanan Padintenan
 Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra
sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun
beskap sauger mboten cemeng. Kajawi ingkang
kadawuhan mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru
Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah pethak.
2) Ing Sanjawining Karaton
 Busana adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining
Keraton, limrahipun manawi wonten pahargyan mantu,
tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.
 (Badhe kaaturaken mligi ing bab Busana Penganten lan
Pahargyan)
SETAGEN
a. Pangertosanipun Setagen
 Setagen punika arupi pirantos
kangge nyingseti utawi
ngencengaken tumempelipun
sinjang wonten badan, supados
sampun ngantos mlorod temahan
udhar. Setagen bakalanipun
kadamel saking kain tenun kandel,
benangipun tenun agal, mila radi
kaken. Wiyaripun setagen watawis
2 – 4 M. ulesipun warni-warni,
wonten ingkang cemeng, ijem,
pethak, naming sadaya wau
mboten wigatos, jalaran
mangenipun setagen punika badhe
katutup kaliyan sabuk, wonten
nglebet dados mboten ketingal
saking njawi.
b. Patrapipun Mangangge Setagen
 Ing nginggil sampun kaaturaken bilih setagen punika
pirantos kangge ngingseti sinjang. Pramila
sakderengipun dipunsingseti, panganggenipun sinjang
kedah sampun karaos trep, nembe lajeng dipun ubedi
setagen. Anggenipun ngubedi setagen kawiwitan saking
ngandhap, pas nginggil cethik, ubedipun mangiwa,
saben sak ubedan kedah dipun kencengaken,
ubedanipun kaprenahaken samsaya minggah.
Pungkasanipun setagen lajeng dipun peniteni.
SABUK
a. Pangertosanipun Sabuk
 Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi
setagen. Dados manawi sinjang sampun dipun singseti,
lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen
mboten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi
punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge
nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados
rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila
ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun,
ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
b. Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
 Jinis sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:
1) Sabuk Cindhe
 Bakalipun ingkang dipun angge saking benang sutra alus ingkang sampun
kacelup kaliyan ules warni-warni. Manawi sampun katenun, sekaranipun
urapi pesagi utawi sawa mawarni-warni ingkang dipun rakit mujudaken
wewangunan ingkang saestu nengsemaken (artistic). Wekdal sakpunika
sampun awis-awis sanget wontenipun. Dene ingkang wonten cakrikipun
memper sabuk cindhe, ananing sanes saking tenunan, naming saking cap-
capan memper cindhe, wujud makaten dipun sebat “Cindhen”.
 Sinaosa sekaranipun kawangun saking maneka warnanipun pesagi pesagi
alit, nanging manawi ingkang kathah (dominan) warninipunn abrit, lajeng
katingal sabuk abrit, semanten ugi ingkang ijem, wungu, kuning lsp.
2) Sabuk Tenunan
 Bahanipun pancen kadamel saking benang tenun limrah, padatan
ulesipun byur polos. Warnanipun wonten ingkang ijem, abrit,
wungu, kuning, lan sanesipun. Kala – kala dipun selipi benang
Jene (emas) ingkang mujudaken garis-garis jene (emas) utawi
kados dene toya jawah, ingkang makaten dipun astani
cakrik “Udan Mas”.
3) Sabuk Celupan
 Inggih punika satunggalintg sabuk ingkang bahanipun pancen
saking celupan kanthi ules mawarni-warni
kadosta: Sindhur, Podhang nusup sari, Uyah sawungkul, ceplok.
c. Patrapipun Mangangge Utawi Ngagem Sabuk
 Kados sampun ka-aturaken ing nginggil, panjangipun
sabuk watawis 4 – 5 M. patrapipun ngagem kanthi
kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil, ubedipun
mangiwa. Ubedipun ingkang angka kalih kapernahaken
kirang langkung kalih nyari sak ngandhapipun. Semanten
ugi ubedan ingkang angka tiga kapernahaken kirang
langkung kalih nyari sak ngandhapipun ubedan angka
kalih, makaten sak piturutipun ngantos sap gangsal utawi
nenem. Telas pungkasaning sabuk lajeng dipun peniteni
supados mboten udhar, perlu dipun taliti supados sinjang
punapa dene setagen mboten ketingal.
 Kajawi punika ugi dipun imut-imut, anggenipun miwiti
ubedan sabuk punika benten kaliyan ubedipun
setagen. Manawi ubedipun setagen punika kawiwitan
saking ngandhap minggah supados kenceng. Dene
manawi sabuk ubedipun kawiwitan saking nginggil lajeng
mangandhap supados mangkenipun saget kangge
nyengkelit dhuwung.
d. Paugeran Pangangening Sabuk.
 Limrahipun wonten pundi kemawon, manawi sipatipun
pahargyan, agemanipun sabuk merdika. Kajawi mawi
nuju layatan, sabukipun prayogi cemeng polos. Dene
manawi mantu, para ingkang sami bebesanan
sabukipun salindhur.
 Dene ing pisowanan karaton, tumrap para sentana
dalem punapa dene abdidalem ingkang sesebatan Bupati
mangandhap, mboten kepareng ngagem sabuk cindhe.
EPEK TIMANG LAN LEREP
a. Pangertosanipun
 Ingkang dipun wastani Epek menika
awujud setut ingkang kadamel saking
bakalan kain bludru, wiyaripun watawis
5 CM, dene panjangipun watawis 120 –
150 CM. kajawi saking bludru epek ugi
wonten ingkang kadamel saking
bubatipun kapal (rambut jaran), rambut
punapa dene surinipun. Bongkotipun
epek dipun pasangi “Timang” utawi
Gesper ingkang dipun angge nyandhet
ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang
kangge nlesepaken tirahaning epek
supados mboten kumlewer.
 Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun
kadamel saking “kuningan” kanthi
rinengga ukiran. Malah kepara
ukiranipun wonten ingkang dipun tretes
inten, barliyan, menapa dene selamaya.
b. Warni – warnipun Epek
 Limrahipun Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
1) Epek Polos
 Epek punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten
ingkang warni biru, abrit, cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
2) Epek Blodiran
 Limrahipun epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun
bolder mawarni-warni. Wonten ingkang cakrik untu walang utawi
ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron pakis.
3) Epek Rambut
 Inggih punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal
(jaran) warni cemeng.
c. Paugeran Mangangge Epek
 Caranipun hangagem epek punika ka-ubedaken wonten sabuk,
ubedipun mangiwa, tegesipun timang kaprenahaken sisih
kiwa. Anggenipun ngubedaken epek, ka-angkah wiyaripun
antawisipun epek ngandhap kaliyan sabuk sisih ngandhap kirang
langkung 2.5 nyari (kalih setengah nyari). Dene timangipun
kapernahaken wonten ngajeng trep tengah-tengah. Wonten ing
pabrayan umum jinis epek ingkang dipun agem warninipun merdika
mboten wonten awisanipun. Naming manawi nuju layatan, prayogi
hangagem sabuk cemeng.
 Manawi sowan dhateng karaton, tumrap para putra Santana dalem
menapadene abdidalem ingkang sesebatanipun bupati sak
pangandhap mboten kepareng hangagem epek ingkang boldiran untu
walang punapa dene ombak banyu. Prayoginipun hangagem ingkang
polos. Bab warni kasumanggakaken miturut paugeran ingkang dipun
remeni.
 Gegandhengan kaliyan paugeran hangagem epek lan sabuk, warah
dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana Kaping IX
Karaton Surakarta Hadiningrat paring wewarah tumrap paugeran
hangagem sabuk ingkang kajumbuhaen kaliyan epek lan
lerepipun. Dene wujudipun kados ingkang ka-aturaken ing seratan
punika.
No Warni Sabuk Epek Aranipun Watak
Panganggeni
pun
01 Ungu Ijem Wredha
Ginugah
Ayem,
Wredha/Siang
02 Ijem Abrit Mudha
Rumagang
Trengginas,Mu
dha/S/D
03 Biru Abrit Satriya
mangsah
Trampil
mapan,
nudha,
wredha/S/D
04 Jambu
/jambon/
Biru/cemeng/
ungu
Narendratama Sabar, menep,
S/D
05 Jenar /Kuning Biru / Cemeng Candra
Sumunar
Sabar, maton,
S/D
06 Kapuranta
(abrit anem)
Biru
/Cemeng/Ung
u
Surya Sumirat Tan
Swala/Mudha,
S/D
SINJANG UTAWI NYAMPING
a. Pangertosanipun Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit kramanipun inggil
“Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem
kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene
watesipun suku ing nginggil polok.
b. Warninipun Sinjang
Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang
Kampuh utawi Dodot langkung panjang katimbang sinjang
limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah.
Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng,
dipun wastani Latar Cemeng. Dene saperangan ageng
ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.
C. Caranipun Hangagem Sinjang
Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin
kedah dipun damel wironipun, inggih punika wiwit
saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun
lempit wolak-walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang.
Wiyaripun saben lempitaning wiron manawi kagem
kakung kirang langkung 7 CM. dene wiron kagem putri
kirang langkung 3.5 CM.
Lempitaning wiron ingkang sepisan ingkang ngemot
seretaning kaprenahaken wonten ing lebet, supados
manawi dipun- agem seretipun mboten ketingal (Gagrag
Surakarta) dene Ngayojakarta seretipun kedah ketingal.
d. Paugeran Ngagem Sinjang
1) Wonten Ing Karaton
Manawi sowan Karaton nyarengi timbalan menapa kemawon,
tumrap sentana utawi abdi dalem ingkang sesebatanipun
Bupati sak pangandhap, mboten kepareng ngagem sinjang
cakrik lereng. Dene ingkang sesebatanipun ria nginggil
(harya) sakp[enginggil cakrikipun merdika.
2) Wonten Ing Sanjawining Karaton
Sinjang ingkang dipun agem wonten sanjawining Karaton
kagem sinten kemawon merdika, mboten wonten awisan
menapa-menapa. Kajawi sinjang truntum menika mligi kagem
pahargyan mantu, dipun agem dening para ingkang sami
bebesanan.
Bab sinjang dodot sak menika sampun awis-awis dipun-angge,
manawi kala rumiyin ing Alam jumenengipun ISKS Paku
Buwana X, manawi pisowanan ageng para abdidalem kedah
mangangge sinjang dodot.
Dhuwung
a. Pangertosan
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun
wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi
ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung
amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit
saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi
telaten, sabar sarta eneping manah.
b. Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun
1) Warangka Gayaman
Warangka Gayaman makaten ngajeng lan wingking,
irah-irahan wangunipun sami inggih menika
pupak/punggel.
2) Warangka Ladrang
Inggih menika satunggaling warangka ingkang irah-irahipun
perangan ngajeng mlungker dhateng mlebet, dene ingkang
wingking langkung panjang sarta njepapang, pucukipun
lancip.Irah-irahan ugi radi minggah supados ketingal gagah
manawi dipun agem.
C. Peranganipun Dhuwung
1) Ukiran
2) Mendhak kaliyan Selut
3) Warangka
4) Pendhok
5) Wilahan
Samir
a. Pangertosanipun Samir
Samir makaten kalebet perabot busana Jawi Karaton
Surakarta Hadiningrat, mligi manawi sowan dhateng Karaton
minongka tandha bilih abdidalem kalawau, nembe nampi
ayahan. Dados wonten pasrawungan mboten perlu ngagem
samir.
b. Wujudipun
Samir wujudipun arupi kain ingkang kawangun pesagi lan
panjangipun 1,2 meter. Dene wiyaripun 6 cm. bahanipun kain
karangkep lan kajahit, ing sisih suwalik warninipun abrit polos,
dene suwalikun warni dasaripun jene nanging pinggiripun
kaplisir warni abrit wiyaripun plisir abrit kirang langkung 1 cm.
dene bongkot pucukipun samir dipun pasangi gombyok kuning.
c. Patrapipun Ngagem Samir
1) Samir katekuk dados sepalih, gombyokipun manunggal ingkang
jene wonten sisih nglebet.
2) Saksampunipun katekuk malih dados sak pra sekawan,
3) Salajengipun perangan ingkang mboten wonten gombyokipun
katlesepaken dhateng epek ing sisih tengenipun, saking
ngandhap kadudud manginggil ngantos sepalih bagian. Lajeng
kaklembrehaken. Ingkang mboten mawi gombyok kaprenah
wonten sanjawining epek. Dene mangke manawi pikantuk
dhawuh ayahan, samir kadudut saking epek,kawedharaken
lajeng dipun kalungaken ing jangga. Gombyokipun
kaprenahaken wonten ngajeng badan. Amrih boten ucul utawi
mlorod samir katangsulaken kados dene ngagem desi.
4) Kajawi sowan Keraton, samir ugi kaagem manawi tindhak
dhateng Pajimatan luhur.
d. Werdinipun Samir
Ingkang baku ing samir warni kuningipun, ingkang hanggadhahi
teges janur kuning, ingkang miturut kapitadosan nyaketaken
daya alus ingkang sae sarta nebihaken daya alus ingkang awon.
Canela
Canela yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning
nala.
Filosofi:
Yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing
njero ati marang kuasaning Gusti Allah.
pakaian adat jawa gagrak surakarta

Contenu connexe

Tendances

Laporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang Hijau
Laporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang HijauLaporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang Hijau
Laporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang Hijauanurputri
 
Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)
Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)
Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)Cahya Mustikaroh
 
Perjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi Bangsa
Perjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi BangsaPerjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi Bangsa
Perjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi BangsaDavid Adi Nugroho
 
Hubungan internasional dan organisasi internasional kelas xi
Hubungan internasional dan organisasi internasional kelas xiHubungan internasional dan organisasi internasional kelas xi
Hubungan internasional dan organisasi internasional kelas xiapotek agam farma
 
Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949
Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949
Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949MagdaNae
 
Daftar nama dan rumus kation dan anion
Daftar nama dan rumus kation dan anionDaftar nama dan rumus kation dan anion
Daftar nama dan rumus kation dan anionVJ Asenk
 
Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...
Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...
Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...Fitroh NH
 
laporan praktikum uji korosi pada paku
  laporan praktikum uji korosi pada paku  laporan praktikum uji korosi pada paku
laporan praktikum uji korosi pada pakuazidny
 
Laporan Pertumbuhan Jagung
Laporan Pertumbuhan JagungLaporan Pertumbuhan Jagung
Laporan Pertumbuhan JagungAisyah Turidho
 
Gambar dan tahap pembelahan sel
Gambar dan tahap pembelahan selGambar dan tahap pembelahan sel
Gambar dan tahap pembelahan selresky r.p
 
PPT Pelayaran Belanda
PPT Pelayaran BelandaPPT Pelayaran Belanda
PPT Pelayaran BelandaArmadira Enno
 
Kimia Unsur "ALKALI" (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)
Kimia Unsur "ALKALI"  (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)Kimia Unsur "ALKALI"  (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)
Kimia Unsur "ALKALI" (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)evarahma70
 
Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017
Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017
Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017Muhamad Yogi
 
Ppt m5 kb 3 BUSANA JAWA
Ppt m5 kb 3 BUSANA JAWAPpt m5 kb 3 BUSANA JAWA
Ppt m5 kb 3 BUSANA JAWAPPGHybrid1
 
PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))
PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))
PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))Putri Alfisyahrini
 
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPKAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPARISKA COMPNET
 
Laporan Praktikum Kimia indikator asam basa
Laporan Praktikum Kimia indikator asam basaLaporan Praktikum Kimia indikator asam basa
Laporan Praktikum Kimia indikator asam basaFeren Jr
 
Laporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar full
Laporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar fullLaporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar full
Laporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar fullAriefiandra Ariefiandra
 

Tendances (20)

Laporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang Hijau
Laporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang HijauLaporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang Hijau
Laporan Pengaruh Cahaya Terhadap Pertumbuhan Kacang Hijau
 
Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)
Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)
Sejarah (Indonesia Pada Masa Orde Baru)
 
Perjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi Bangsa
Perjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi BangsaPerjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi Bangsa
Perjuangan Menghadapi Ancaman Disintegrasi Bangsa
 
Hubungan internasional dan organisasi internasional kelas xi
Hubungan internasional dan organisasi internasional kelas xiHubungan internasional dan organisasi internasional kelas xi
Hubungan internasional dan organisasi internasional kelas xi
 
Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949
Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949
Pelaksanaan demokrasi di indonesia pada periode 1945 1949
 
Daftar nama dan rumus kation dan anion
Daftar nama dan rumus kation dan anionDaftar nama dan rumus kation dan anion
Daftar nama dan rumus kation dan anion
 
Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...
Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...
Proposal praktikum biologi "Pengaruh Kelembaban Tanah terhadap Pertumbuhan Ke...
 
laporan praktikum uji korosi pada paku
  laporan praktikum uji korosi pada paku  laporan praktikum uji korosi pada paku
laporan praktikum uji korosi pada paku
 
Laporan Pertumbuhan Jagung
Laporan Pertumbuhan JagungLaporan Pertumbuhan Jagung
Laporan Pertumbuhan Jagung
 
Gambar dan tahap pembelahan sel
Gambar dan tahap pembelahan selGambar dan tahap pembelahan sel
Gambar dan tahap pembelahan sel
 
Laporan biologi xii ipa 3
Laporan biologi xii ipa 3Laporan biologi xii ipa 3
Laporan biologi xii ipa 3
 
Demokrasi Terpimpin
Demokrasi TerpimpinDemokrasi Terpimpin
Demokrasi Terpimpin
 
PPT Pelayaran Belanda
PPT Pelayaran BelandaPPT Pelayaran Belanda
PPT Pelayaran Belanda
 
Kimia Unsur "ALKALI" (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)
Kimia Unsur "ALKALI"  (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)Kimia Unsur "ALKALI"  (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)
Kimia Unsur "ALKALI" (Kegunaan,Kelimpahan,dan proses pembuatan)
 
Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017
Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017
Buku SIswa PPKn Kelas XI EDISI REVISI 2017
 
Ppt m5 kb 3 BUSANA JAWA
Ppt m5 kb 3 BUSANA JAWAPpt m5 kb 3 BUSANA JAWA
Ppt m5 kb 3 BUSANA JAWA
 
PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))
PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))
PPKn (Demokrasi Masa Revolusi (1945 1949))
 
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPKAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
 
Laporan Praktikum Kimia indikator asam basa
Laporan Praktikum Kimia indikator asam basaLaporan Praktikum Kimia indikator asam basa
Laporan Praktikum Kimia indikator asam basa
 
Laporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar full
Laporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar fullLaporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar full
Laporan pengamatan Pertumbuhan Biji Kacang Hijau + gambar full
 

Similaire à pakaian adat jawa gagrak surakarta

Wawasan budaya jawa
Wawasan budaya jawaWawasan budaya jawa
Wawasan budaya jawawahyu__ph
 
Ppt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWA
Ppt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWAPpt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWA
Ppt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWAPPGHybrid1
 
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSudirmanSPd1
 
Laporan Wawanrembug Budaya Jawa
Laporan Wawanrembug Budaya JawaLaporan Wawanrembug Budaya Jawa
Laporan Wawanrembug Budaya JawaSmansa Kusuma
 
Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas
Pathokan Pedhalangan Gagrag BanyumasPathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas
Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumasbr3k3l3
 

Similaire à pakaian adat jawa gagrak surakarta (8)

Wawasan budaya jawa
Wawasan budaya jawaWawasan budaya jawa
Wawasan budaya jawa
 
Ppt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWA
Ppt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWAPpt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWA
Ppt m6 kb 1 KESENIAN RAKYAT JAWA
 
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
 
Laporan Wawanrembug Budaya Jawa
Laporan Wawanrembug Budaya JawaLaporan Wawanrembug Budaya Jawa
Laporan Wawanrembug Budaya Jawa
 
Babad tanah-djawi
Babad tanah-djawiBabad tanah-djawi
Babad tanah-djawi
 
ARTIKEL YASA LAN KOLEKSI WAYANG
ARTIKEL YASA LAN KOLEKSI WAYANGARTIKEL YASA LAN KOLEKSI WAYANG
ARTIKEL YASA LAN KOLEKSI WAYANG
 
Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas
Pathokan Pedhalangan Gagrag BanyumasPathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas
Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas
 
Contoh soal
Contoh soalContoh soal
Contoh soal
 

pakaian adat jawa gagrak surakarta

  • 1. BUSANA KAKUNG SURAKARTA 1. Mayang Puspa P (15/XII MIPA 4) 2. Rindi Tintiana (21/XII MIPA 4) 3. Rio Janggan P (22/XII MIPA 4) 4. Syafrie Bayu K (26/XII MIPA 4) 5. Yeni Pangestu (27/XII MIPA 4)
  • 2. SEJARAHIPUN AGEMAN JAWI GAGRAG SURAKARTA  Ngrembag bab busana jawi ing Surakarta punika boten saget uwal saking budaya Jawi, jalaran busana Jawi kalebet wohing budaya Jawi. Dene budaya Jawi ing ngriki, tegesipun budaya Jawi ingkang sumberipun saking Karaton Surakarta.  Busana tatanan Karaton Surakarta punika ing sakawit jaman jumenengipun Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping III rikala hamarengaken Kanjeng Pangeran Mangkubumi, ingkang rayi saking Sinuhun Paku Buwana II (tasih Bapa Paman piyambak kaliyan PB.II) kepareng hangrenggani Karaton Ngayogjakarta jumeneng Sultan Hamengku Buwana I, busana lami ingkang dados tetilaran saking Majapahit, Demak, Pajang, saha Mataram kasuwun dening Pangeran Mangkubumi kagem ing Karaton Ngayogjakarta kados ingkang sami dipun wuningani ing wekdal sakpunika. Kanthi makaten Sinuhun Paku Buwana III ing Surakarta lajeng hanganggit lan iyasa busana tumrap Surakarta ngantos sepriki kados ingkang wonten punika, sinaosa rikala Sinuhun Paku Buwana IX lan Sinuhun Paku Buwana X ngawontenaken ewah-ewahan sawetawis.
  • 3.  Menggah ingkang badhe katerangaken ing ngandhap punika, bab pangageman Jawi Surakarta tumrap kakung, ingkang kalimrah sami dipunagem ing wekdal punika. Dene katerangan punika, awewaton wewarah dalem Sampeyandalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IX rikala taksih asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom.  “Hanyenyandhang manganggo iku dadya sarana memangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trepna pangetrepaning panganggon, cundhukna kalawan kahananing badanira, kalungguhan miwah pepangkatanira”
  • 4.  Makaten pangandhika dalem ISKS Paku Buwana IX rikala tasih jumeneng pangeran pati, ngemu pikajeng dhateng kasusilan. Tegesipun kedah saget jumbuhaken dhateng pribadinipun piyambak ingkang jumbuh kaliyan tatalair lan batin. Cundhuk kaliyan kalungguhan sarta pepangkatanipun miwah trep-trepanipun panganggen.  Ing alam sak punika tiyang Jawi manawi mangangge sandhanganipun sampun boten dipunpersudi malih, malah kathah ingkang waton mangangge boten mangangge mawi waton. Manawi badhe dados tiyang Jawi punika kedah saged ngasoraken dhiri murih sengseming sesami, aja seneng diarani wong gedhe nanging sejatine dudu. Sabab sandhangan punika sampun saget mastani kalungguhan miwah pepangkatanipun, manawi wonten priyantun ingkang mangertos dhateng kasusilan manganggenipun boten badhe sapikajengipun piyambak, kedah ngemuti dhateng wewaton. Limrahipun ing bebrayan namung dhasar tiru-tiru, kalebet para juru paes tasih kathah ingkang sami boten nyumerapi tataning panganggon, kamangka bab tata busana punika, wonten beda bedanipun, trep-trepanipun punika ingkang dipun wastani jembaring budaya Jawi.
  • 5. PRINCENIPUN AGEMAN JAWI KAKUNG Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika: 1. Udheng 2. Kulambi 3. Sinjang /Dodot 4. Setagen 5. Sabuk 6. Epek Timang lan Lerep 7. Samir 8. Dhuwung 9. Cenela utawi selop
  • 6. UDHENG a. Pangertosan Udheng  Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah.  Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.  Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.
  • 7. b. Wangunipun Udheng Miturut wangunipun, ingkang kaprah wonten kalih inggih punika. 1) Udheng Jebehan  Udheng jebehan menika titikanipun ing ngajeng mboten mawi kuncungipun, sisih wingking mondholanipun terusan mlered saking nginggil mangandhap mujudaken irung-irungan lonjong nanging trepes. Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten jebehanipun, awujud elar-elaran, mangiwa lan manengen. Ingkang besus mangagem udheng menika badhe katinggal merbawani sabab menika namung mligi ka-agem dening piyayi luhur. 2) Udheng Cekok Mondhol  Titikanipun udheng cekok inggih menika ing ngajeng wonten kuncungipun, dene ing wingking wonten mondholanipun, awujud lonjong kados tumempel ing wingking udheng. Sisih nginggilipun mondholan wonten rerengganipun awujud dhasi kupu alit.
  • 8. c. Peranganipun Udheng Nama – nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun: · Kuncung  Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk. Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol. · Wiron  Inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar). · Sunglon  Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron. · Kemadha  Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng. Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
  • 9. · Talingan  Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan sak nginggilipun talingan. · Modangan  Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun). · Mondholan  Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok. · Pucuking Udheng  Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).  Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar. Utawi cakrik pangkur ingkang wonten untu walang.  Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.
  • 10.
  • 11.
  • 12. Warninipun Udheng Ing wekdal sakpunika warnining udheng wonten kalih inggih punika: a) Seratan Bathik, b) Sekaran (kembangan). Dene udheng Bathik wonten 4 warni inggih punika: 1) Udheng Byur Pinggir mawi kemada, bathikanipun cakrik semen, lereng, lung- lungan, ceplok, lan sanesipun. 2) Udheng Tengahan Mawi semukirang, mawi bvengkok garis kenceng, tengahipun petjhak utawi sekaran, pinggir mawi kemada sungging. Antawisipun kemada kaliyan tengahan kabathik latar pethak, latar cemeng, ceplokan lan sanesipun. 3) Udheng Modang Pinggir mawi Kemada, wingking mawi Umpak, bathikanipun modang, Pangkur, Ceplok, lereng, lung-lungan. 4) Udheng Celeng Pinggiripun mawi Kemada, wingking mawi umpak, bathikanipun mawi cakrik lung-lungan ceplok, lereng, tengah cemeng byur.
  • 13. Udheng Bangsanipun Sekaran antawisipun inggih punika: 1). Irawan  Pinggir mawi bathik kemada mawi umpak, tengah kabathik semukirang latar pethak. Antawisipun semukirang kaliyan umpak kasekar kadosta :gadhung, Wungu. Kenthol. 2) Sekaran  Udheng sekaran punika warni-warni miturut ulesipun pulas kadosta: gadhung tengah pethak, dipun wastani gadhung mlathi. Biru tengahipun pethak, bangun tulak lan sanesipun. 3) Rintik  Ules kaliyan naminipun Sekaran, naming saking pinggir 2 CM kajumput wangunipun kadosta: Regulon, Tapakm dara, Cengkehan, Kembang Jeruk. 4) Wulung  Udheng ulesipun byur cemeng, padatan sunglonipun lancip cakrik perbawan.
  • 14. Patrapipun Hangagem Udheng  Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari. Paugeran Hangagem Udheng  Ngagem Udheng ugi wonten paugeranipun, utaminipun manawi sowan dhateng Karaton mboten kenging sak sekecanipun piyambak. 1. Ing Karaton Surakarta a. Udheng Jebehan  Udheng menika ageing para luhur, inggih menika Ingkang Sinuhun, Para putra Sentana, kaliyan para abdidalem ingkang hanggadahi Sesebatan Riya nginggil (KRA), kalebet ingkang anon-anon. b. Udheng Cekok Mondhol Kuncung  Agemanipun Bupati Riya, Bupati Sepuh sak pangandhap inggih punika wiwit saking sesebatanKRAT, KRMT, KRT, RMT, RT, Panewu, Mantri saha Lurah. Kalebet ingkang anon-anon. 2. Ing Sanjawining Karaton  Wonten sanjawining Karaton panganggenipun Udheng merdika (bebas), padhatan ingkang dipun agem Udheng Jebehan, inggih wonten pahargyan menapa kemawon, kalebet wonten ing kasripahan (layatan).
  • 15. KULAMBI UTAWI RASUKAN a. Pangertosanipun  Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X. gandheng punika naming winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.
  • 16. b. Wanguning Kulambi Utawi Rasukan  Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih punikaAtellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.
  • 17. 1) Atellah  Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
  • 18. 2) Beskap  Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap. Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren. Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
  • 19. 3) Sikepan  Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken. Ing sisih tengen bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minongka pasren. Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap. Sarehning agemanipun mboten saget kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
  • 20. 4) Langenharjan  Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana “Barat” inggih punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun jas kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.  Kancingipun wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking sakngandhap pengkeran ugi dipun krowok. Dene rasukan ingkang wonten nglebet wonten rangkep kalih. Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi kupu- kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.
  • 21. 5) Beskap Landhung  Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang kados dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawibeskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.  Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5 Cm. panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.
  • 22. 6) Taqwa  Taksih wonten malih ingkang perlu dipun mangertosi wontenipun ageman mligi kagem Ratu utawi Nata inggih punika busana Taqwa. Busana punika Iyasanipun Kanjeng Sunan Kalijaga, mligi kagem para Nata. Sak punika asring dipun agem dening ISKS Paku Buwana XIII arupi beskap,namung ing sisih ngajeng (jaja) tangkepipun panjang dumugi ngandhap. Dene kulukipun kanigaran.
  • 23. c. Warnining Kulambi Utawi Rasukan  Warninipun busana ing Karaton Surakarta kabentenaken antawisipun atellah kaliyan beskap. Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan pethak. Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta. Dene beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan sanesipun.
  • 24. d. Paugeran Pangageming Rasukan 1) Ing Karaton Surakarta  Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng. Dene pisowanan padintenan warninipun merdeka. a) Pisowanan Ageng (1) Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP, KRA agemamnipun sikepan cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang. (2) Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun Sikepan Cekak warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka Ladrang. (3) Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang sesebatanipun KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar samir. (4) Abdi-dalem sanesipun Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng Cekok mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.
  • 25. b) Pisowanan Padintenan  Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah pethak. 2) Ing Sanjawining Karaton  Busana adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.  (Badhe kaaturaken mligi ing bab Busana Penganten lan Pahargyan)
  • 26. SETAGEN a. Pangertosanipun Setagen  Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking njawi.
  • 27. b. Patrapipun Mangangge Setagen  Ing nginggil sampun kaaturaken bilih setagen punika pirantos kangge ngingseti sinjang. Pramila sakderengipun dipunsingseti, panganggenipun sinjang kedah sampun karaos trep, nembe lajeng dipun ubedi setagen. Anggenipun ngubedi setagen kawiwitan saking ngandhap, pas nginggil cethik, ubedipun mangiwa, saben sak ubedan kedah dipun kencengaken, ubedanipun kaprenahaken samsaya minggah. Pungkasanipun setagen lajeng dipun peniteni.
  • 28. SABUK a. Pangertosanipun Sabuk  Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
  • 29. b. Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk  Jinis sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika: 1) Sabuk Cindhe  Bakalipun ingkang dipun angge saking benang sutra alus ingkang sampun kacelup kaliyan ules warni-warni. Manawi sampun katenun, sekaranipun urapi pesagi utawi sawa mawarni-warni ingkang dipun rakit mujudaken wewangunan ingkang saestu nengsemaken (artistic). Wekdal sakpunika sampun awis-awis sanget wontenipun. Dene ingkang wonten cakrikipun memper sabuk cindhe, ananing sanes saking tenunan, naming saking cap- capan memper cindhe, wujud makaten dipun sebat “Cindhen”.  Sinaosa sekaranipun kawangun saking maneka warnanipun pesagi pesagi alit, nanging manawi ingkang kathah (dominan) warninipunn abrit, lajeng katingal sabuk abrit, semanten ugi ingkang ijem, wungu, kuning lsp.
  • 30. 2) Sabuk Tenunan  Bahanipun pancen kadamel saking benang tenun limrah, padatan ulesipun byur polos. Warnanipun wonten ingkang ijem, abrit, wungu, kuning, lan sanesipun. Kala – kala dipun selipi benang Jene (emas) ingkang mujudaken garis-garis jene (emas) utawi kados dene toya jawah, ingkang makaten dipun astani cakrik “Udan Mas”. 3) Sabuk Celupan  Inggih punika satunggalintg sabuk ingkang bahanipun pancen saking celupan kanthi ules mawarni-warni kadosta: Sindhur, Podhang nusup sari, Uyah sawungkul, ceplok.
  • 31. c. Patrapipun Mangangge Utawi Ngagem Sabuk  Kados sampun ka-aturaken ing nginggil, panjangipun sabuk watawis 4 – 5 M. patrapipun ngagem kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil, ubedipun mangiwa. Ubedipun ingkang angka kalih kapernahaken kirang langkung kalih nyari sak ngandhapipun. Semanten ugi ubedan ingkang angka tiga kapernahaken kirang langkung kalih nyari sak ngandhapipun ubedan angka kalih, makaten sak piturutipun ngantos sap gangsal utawi nenem. Telas pungkasaning sabuk lajeng dipun peniteni supados mboten udhar, perlu dipun taliti supados sinjang punapa dene setagen mboten ketingal.  Kajawi punika ugi dipun imut-imut, anggenipun miwiti ubedan sabuk punika benten kaliyan ubedipun setagen. Manawi ubedipun setagen punika kawiwitan saking ngandhap minggah supados kenceng. Dene manawi sabuk ubedipun kawiwitan saking nginggil lajeng mangandhap supados mangkenipun saget kangge nyengkelit dhuwung.
  • 32. d. Paugeran Pangangening Sabuk.  Limrahipun wonten pundi kemawon, manawi sipatipun pahargyan, agemanipun sabuk merdika. Kajawi mawi nuju layatan, sabukipun prayogi cemeng polos. Dene manawi mantu, para ingkang sami bebesanan sabukipun salindhur.  Dene ing pisowanan karaton, tumrap para sentana dalem punapa dene abdidalem ingkang sesebatan Bupati mangandhap, mboten kepareng ngagem sabuk cindhe.
  • 33. EPEK TIMANG LAN LEREP a. Pangertosanipun  Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.  Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.
  • 34. b. Warni – warnipun Epek  Limrahipun Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika: 1) Epek Polos  Epek punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit, cemeng, wungu, lan sapanungalipun. 2) Epek Blodiran  Limrahipun epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni. Wonten ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron pakis. 3) Epek Rambut  Inggih punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.
  • 35. c. Paugeran Mangangge Epek  Caranipun hangagem epek punika ka-ubedaken wonten sabuk, ubedipun mangiwa, tegesipun timang kaprenahaken sisih kiwa. Anggenipun ngubedaken epek, ka-angkah wiyaripun antawisipun epek ngandhap kaliyan sabuk sisih ngandhap kirang langkung 2.5 nyari (kalih setengah nyari). Dene timangipun kapernahaken wonten ngajeng trep tengah-tengah. Wonten ing pabrayan umum jinis epek ingkang dipun agem warninipun merdika mboten wonten awisanipun. Naming manawi nuju layatan, prayogi hangagem sabuk cemeng.  Manawi sowan dhateng karaton, tumrap para putra Santana dalem menapadene abdidalem ingkang sesebatanipun bupati sak pangandhap mboten kepareng hangagem epek ingkang boldiran untu walang punapa dene ombak banyu. Prayoginipun hangagem ingkang polos. Bab warni kasumanggakaken miturut paugeran ingkang dipun remeni.  Gegandhengan kaliyan paugeran hangagem epek lan sabuk, warah dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana Kaping IX Karaton Surakarta Hadiningrat paring wewarah tumrap paugeran hangagem sabuk ingkang kajumbuhaen kaliyan epek lan lerepipun. Dene wujudipun kados ingkang ka-aturaken ing seratan punika.
  • 36. No Warni Sabuk Epek Aranipun Watak Panganggeni pun 01 Ungu Ijem Wredha Ginugah Ayem, Wredha/Siang 02 Ijem Abrit Mudha Rumagang Trengginas,Mu dha/S/D 03 Biru Abrit Satriya mangsah Trampil mapan, nudha, wredha/S/D 04 Jambu /jambon/ Biru/cemeng/ ungu Narendratama Sabar, menep, S/D 05 Jenar /Kuning Biru / Cemeng Candra Sumunar Sabar, maton, S/D 06 Kapuranta (abrit anem) Biru /Cemeng/Ung u Surya Sumirat Tan Swala/Mudha, S/D
  • 37. SINJANG UTAWI NYAMPING a. Pangertosanipun Sinjang Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok. b. Warninipun Sinjang Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah. Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng. Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.
  • 38. C. Caranipun Hangagem Sinjang Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun, inggih punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit wolak-walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang. Wiyaripun saben lempitaning wiron manawi kagem kakung kirang langkung 7 CM. dene wiron kagem putri kirang langkung 3.5 CM. Lempitaning wiron ingkang sepisan ingkang ngemot seretaning kaprenahaken wonten ing lebet, supados manawi dipun- agem seretipun mboten ketingal (Gagrag Surakarta) dene Ngayojakarta seretipun kedah ketingal.
  • 39. d. Paugeran Ngagem Sinjang 1) Wonten Ing Karaton Manawi sowan Karaton nyarengi timbalan menapa kemawon, tumrap sentana utawi abdi dalem ingkang sesebatanipun Bupati sak pangandhap, mboten kepareng ngagem sinjang cakrik lereng. Dene ingkang sesebatanipun ria nginggil (harya) sakp[enginggil cakrikipun merdika. 2) Wonten Ing Sanjawining Karaton Sinjang ingkang dipun agem wonten sanjawining Karaton kagem sinten kemawon merdika, mboten wonten awisan menapa-menapa. Kajawi sinjang truntum menika mligi kagem pahargyan mantu, dipun agem dening para ingkang sami bebesanan. Bab sinjang dodot sak menika sampun awis-awis dipun-angge, manawi kala rumiyin ing Alam jumenengipun ISKS Paku Buwana X, manawi pisowanan ageng para abdidalem kedah mangangge sinjang dodot.
  • 40. Dhuwung a. Pangertosan Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah. b. Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun 1) Warangka Gayaman Warangka Gayaman makaten ngajeng lan wingking, irah-irahan wangunipun sami inggih menika pupak/punggel.
  • 41. 2) Warangka Ladrang Inggih menika satunggaling warangka ingkang irah-irahipun perangan ngajeng mlungker dhateng mlebet, dene ingkang wingking langkung panjang sarta njepapang, pucukipun lancip.Irah-irahan ugi radi minggah supados ketingal gagah manawi dipun agem. C. Peranganipun Dhuwung 1) Ukiran 2) Mendhak kaliyan Selut 3) Warangka 4) Pendhok 5) Wilahan
  • 42.
  • 43. Samir a. Pangertosanipun Samir Samir makaten kalebet perabot busana Jawi Karaton Surakarta Hadiningrat, mligi manawi sowan dhateng Karaton minongka tandha bilih abdidalem kalawau, nembe nampi ayahan. Dados wonten pasrawungan mboten perlu ngagem samir. b. Wujudipun Samir wujudipun arupi kain ingkang kawangun pesagi lan panjangipun 1,2 meter. Dene wiyaripun 6 cm. bahanipun kain karangkep lan kajahit, ing sisih suwalik warninipun abrit polos, dene suwalikun warni dasaripun jene nanging pinggiripun kaplisir warni abrit wiyaripun plisir abrit kirang langkung 1 cm. dene bongkot pucukipun samir dipun pasangi gombyok kuning.
  • 44.
  • 45. c. Patrapipun Ngagem Samir 1) Samir katekuk dados sepalih, gombyokipun manunggal ingkang jene wonten sisih nglebet. 2) Saksampunipun katekuk malih dados sak pra sekawan, 3) Salajengipun perangan ingkang mboten wonten gombyokipun katlesepaken dhateng epek ing sisih tengenipun, saking ngandhap kadudud manginggil ngantos sepalih bagian. Lajeng kaklembrehaken. Ingkang mboten mawi gombyok kaprenah wonten sanjawining epek. Dene mangke manawi pikantuk dhawuh ayahan, samir kadudut saking epek,kawedharaken lajeng dipun kalungaken ing jangga. Gombyokipun kaprenahaken wonten ngajeng badan. Amrih boten ucul utawi mlorod samir katangsulaken kados dene ngagem desi. 4) Kajawi sowan Keraton, samir ugi kaagem manawi tindhak dhateng Pajimatan luhur.
  • 46. d. Werdinipun Samir Ingkang baku ing samir warni kuningipun, ingkang hanggadhahi teges janur kuning, ingkang miturut kapitadosan nyaketaken daya alus ingkang sae sarta nebihaken daya alus ingkang awon.
  • 47. Canela Canela yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning nala. Filosofi: Yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah.