Dokumen tersebut membahas tentang Tembang Macapat yang merupakan puisi tradisional Jawa yang terdiri dari 12 jenis tembang dengan filosofi tersendiri seperti Maskumambang, Mijil, hingga Pocung."
1. Tembang
Macapat
SITIMAISAROH XI MIPA 3 / 32
SMA NEGERI 1 PASURUAN
Jl. WACHID HASYIM GG 5 PANGGUNG REJ, Kec.
PANGGUNG REJ, Kota Pasuruan, Jawa Timur.
2. Daftar isi
2
JUDUL
DAFTAR ISI
FILOSOFI LAN PANGERTEN TEMBANG MACAPAT
GURU GATRA, GURU LAGU, LAN GURU WILANGAN
UNSUR KEBASAAN TEMBANG MACAPAT
FILOSOFI TEMBANG MACAPAT
PANGERTEN TEMBANG MACAPAT
ARANE TEMBANG MACAPAT
GURU GATRA
GURU LAGU
GURU WILANGAN
PAUGERANE TEMBANG MACAPAT
TEMBUNG KAWI
DASANAMA
TEMBUNG GARBA
SANDI ASMA
SANDI KARSA
MASKUMAMBANG
MIJIL
SINOM
KINANTI
ASMARADANA
GAMBUH
DHANDHANGGULA
DURMA
PANGKUR
MEGATRUH
POCUNG
1
2
3
4
5
5
5
5
5
6
6
6
6
6
6
7
7
8
9
9
9
9
10
11
11
12
12
13
4. Tembang macapat nduweni filosofi yaiku proses Gusti Pangeran kang
menehi manungsa kauripan. Mulai ing alam ruh, nganti manungsa seda.
Saben tembang macapat duweni filosofi dewe dewe, awal mulane yaiku
Maskumambang (Melayang/Ruh), Mijil (Kelairan), Kinanti (Ilmu lan
Akhlak), Sinom (Mala), Asmaradana (Asmara/Cinta), Gambuh (Rumah
Tangga), Dhandhanggula (Pait Kauripan), Durmo (Darma), Pangkur
(Mangkur/Tuwa), Megatruh (Seda), Pocung (Pocong).
FILOSOFI TEMBANG
MACAPAT
4
5. Minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar,
tinalenan karo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.Puisi
tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori:
tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat
digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan
Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu
kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara.
PANGERTEN TEMBANG
MACAPAT
ARANE TEMBANG
MACAPAT
Sasmitane yaiku: Maskumambang, kampul,
kambang, kenter.
Watake yaiku susah, sedhih, melas asih, cocog
kanggo rasa sedhih kang ngenesake.
Maskumambang
Sasmitane yaiku: Mijil, wijil, wiyos, medal, sulastri.
Watake yaiku tinarbuka, lumrahe kanggo pitutur
nasihat, uga crita bab katresnan.
MIJIL
5
6. Sasmitane yaiku: Sinom, taruna, anom, nom, mudha,
pangrawit.
Watake yaiku sabar, grapyak lan sumanak,
lumarahe kanggo crita kang ngemu crita lan pitutur.
Sinom
Sasmitane yaiku: Kinanthi, kanthi, gandheng,
kanthil.
Watake yaiku seneng, tresna asih, nuladhani, mula
cocok kanggo pitutur lan nelakake rasa tresna asih.
KINANTHI
Sasmitane yaiku: Asmarandana, asmara, brangta,
kingkin, yungyun.
Watake yaiku tresna asih lan sedhih, pantes kanggo
nelakake rasa brangta, asih lan crita katresnan.
Asmaradana
Sasmitane yaiku: Gambuh, buh, jumbuh, tambuh.
Watake yaiku grapyak, sumanak, cocok kanggo
nyritakake pitutur.
GAMBUH
Sasmitane yaiku: Sarkara, hartati, madu, manis,
gulagrawa, tresna, dhandang.
Watake yaiku luwes lan ndudut ati, pantes kanggo
ngandhakake crita, ing ngendi bae lan kapan bae.
Dhandanggula
6
7. Sasmitane yaiku: Durma, dur, undur, galak
Watake yaiku Watake galak, sereng, lan kebak
napsu, cocok kanggo nyritakake wong kang nesu lan
kahanan perang.
DURMA
Sasmitane yaiku:Duduk wuluh, truh, megatruh,
pegat, luh.
Watake yaiku sedhih, lan kentekan pangarep-arep,
cocok kanggo crita kang nggrantesake ati.
MEGATRUH
Sasmitane yaiku: Pocung, kluwak, wanda "cung"
Watake yaiku sakpenake lan kurang greget, lumrahe
kanggo geguyonan lan pitutur.
POCUNG
Sasmitane yaiku: Pangkur, pungkur, ungkur, wuntat.
Watake yaiku sereng lan gagah, cocok kanggo
nritakake rasa mangkel lan peperangan.
PANGKUR
ANCASE TEMBANG
MACAPAT
Ancase tembang macapat yaiku kanggo hiburan, estetika, pendidikan,
pentas seni, nambah wawasan, kepekaan batin lan sosial
7
11. TEMBUNG KAWI
tuladha
tuladha
Tembung Kawi uga diarani tembung Sansekerta. Lumrahe dianggo
tembang, padhalangan, layang-layang. Akeh-akehe tembung Kawi kuwi
dianggo jenenge bocah, jenenge wong, jenenge kantor lan
sapanunggalane.
Tembung-tembung sing asale saka Basa Jawa Tengahan/Jawa Kuna
Tembung iki biasane digunakake kanggo omongan sabendina, mula
saiki wis arang keprungu
Akasa = Awang-awang
Anak = Suta, putra, sunu, yoga, siwi, wêka, tanaya, atmaja,
siwaya, ja, patut, banu
Dalan = Marga, sopana, ênu, lêbuh, lurung, yana, hawan.
Rembulan = Badra, basanta, candra, sasi, wulan.
Gana = Mendhung, Mega
Brama = Geni
11
DASANAMA
Asale saka tembung ‘dasan’ ateges sepuluh, ‘nama’ ateges jeneng
utawa aran.
Dasanama : jenenge wonng utawa aran siji nduweni jeneng utawa
aran nganti sepuluh (utawa luwih) kang padha utawa meh padha
tegese.
12. 12
TEMBUNG GARBA
Tembung kang kedadeyan saka gandhenge tembung loro utawa luwih
SANDI ASMA
Jenenge pangarang, pangripta, utawa pujangga kang diwedharake kang
satemene kang dipilahpilah adhapur wanda-wanda utawa aksara-
aksara
utawa asma kang sinandi utawa jeneng kang sinamun (sinamar) ing
sajroning tembang, kidung, utawa karangan.
tuladha
tuladha
Aglis = Age lan Gelis
Sinau iku kewajibane
Tumindak becik iku polahe
Ing sekolah lan umah
Hikmaeh kang akeh
Umure sing teksih enom
Masa depane teksih adoh
Ingkang kedah diperjuangake
Rumangsa dadi bocah sekolah
Aja gawe susah marang wong tua
Dadyawuh = dadi ewuh
Kalyan = kalih lan
Sandi Asmane yaiku
SITI HUMIRA
13. 13
sandi karsa
yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang sinamun utawa sinamar ana ing
tembang. Ana uga wong kang ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara
yaiku ukara (ukarane kanggo medharake cipta, gagasan, rasa – pangrasa,
utawa kekarepan).
tuladha
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
Sandi Karsane yaiku
Pendidikan