SlideShare une entreprise Scribd logo
1  sur  7
Jaka Tarub
dalam Bahasa Jawa
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken
kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak
wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana
kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados
konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten
angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu
lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.
Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka
Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka
Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking
pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.
Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu
menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang
sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari
menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika
Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan
satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar
rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun
caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub,
widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka
Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang
Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-
manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen
Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa
amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan
punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados
satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun
kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang
Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan.
Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh
kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan.
Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados
widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan
boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan
nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun
Nyi Roro Kidul.
=================================================================
Keong Mas
dalam Bahasa Jawa
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang
pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo
nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing
sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake
marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis
saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh
cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi,
kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining
keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan
ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk
krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing
emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe.
Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing
ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak
panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka
genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin
Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab,
Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton
Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika
kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu
nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku
anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di
dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa
kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor
kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget
amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba
Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni
Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi
Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan
deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga
agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
ASAL-USULIPUN RAWA PENING
Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa,
Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan
endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking
guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun
nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar
pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa,
piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging
amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados
ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso
ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar
Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya
lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang
bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes,
saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih
tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun
ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa
dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki
Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan
ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika
dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem
malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng
klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi
Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged
manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya.
Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken
papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak
sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-
manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang
ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar
Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki
Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar
menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru
Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng
Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen
Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika
boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu.
Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak
brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa
dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng
mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun
boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki
Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa
menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka
ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat.
Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki
hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud
tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi
sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana.
Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken
putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun
ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah
satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun
mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga
ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru
Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging
reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging
dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening
mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka
kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung
mbekta enthong lan sangu saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi
nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten
ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-
setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-
kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.
Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados
redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi
lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa
bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.

Contenu connexe

Tendances

Contoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhanaContoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhana
althofaji
 
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelKumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Firdika Arini
 
Laporan kapasitas udara paru paru
Laporan kapasitas udara paru paruLaporan kapasitas udara paru paru
Laporan kapasitas udara paru paru
Laksmi_Perwira
 
Contoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourContoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study Tour
Dede Adi Nugraha
 

Tendances (20)

Cerita dongeng (sage)
Cerita dongeng (sage)Cerita dongeng (sage)
Cerita dongeng (sage)
 
Drama 3 orang persahabatan
Drama 3 orang persahabatanDrama 3 orang persahabatan
Drama 3 orang persahabatan
 
Drama malin kundang
Drama malin kundangDrama malin kundang
Drama malin kundang
 
Contoh naskah drama malin kundang
Contoh naskah drama malin kundangContoh naskah drama malin kundang
Contoh naskah drama malin kundang
 
10 Contoh Kritik Karya Seni Rupa Lengkap Beserta Gambarnya (masbabal.com).pdf
10 Contoh Kritik Karya Seni Rupa Lengkap Beserta Gambarnya (masbabal.com).pdf10 Contoh Kritik Karya Seni Rupa Lengkap Beserta Gambarnya (masbabal.com).pdf
10 Contoh Kritik Karya Seni Rupa Lengkap Beserta Gambarnya (masbabal.com).pdf
 
20 Resensi Novel
20 Resensi Novel20 Resensi Novel
20 Resensi Novel
 
Dialog wayang
Dialog wayangDialog wayang
Dialog wayang
 
Contoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhanaContoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhana
 
Geguritan
GeguritanGeguritan
Geguritan
 
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelKumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
 
Statistika Matematika kelas X
Statistika Matematika kelas XStatistika Matematika kelas X
Statistika Matematika kelas X
 
Naskah drama munafik
Naskah drama munafikNaskah drama munafik
Naskah drama munafik
 
Laporan kapasitas udara paru paru
Laporan kapasitas udara paru paruLaporan kapasitas udara paru paru
Laporan kapasitas udara paru paru
 
Naskah Sidang BPUPKI Lengkap
Naskah Sidang BPUPKI LengkapNaskah Sidang BPUPKI Lengkap
Naskah Sidang BPUPKI Lengkap
 
Program kerja pmr
Program kerja  pmrProgram kerja  pmr
Program kerja pmr
 
Naskah drama 5 orang tema persahabatan
Naskah drama 5 orang tema persahabatanNaskah drama 5 orang tema persahabatan
Naskah drama 5 orang tema persahabatan
 
Contoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourContoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study Tour
 
Tabel organel sel 2003
Tabel organel sel 2003Tabel organel sel 2003
Tabel organel sel 2003
 
Dongeng Anak Singkat
Dongeng Anak SingkatDongeng Anak Singkat
Dongeng Anak Singkat
 
Naskah drama 4 orang persahabatan
Naskah drama 4 orang persahabatanNaskah drama 4 orang persahabatan
Naskah drama 4 orang persahabatan
 

Similaire à Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Cerito jaka tarub
Cerito jaka tarubCerito jaka tarub
Cerito jaka tarub
Diah Lismia
 
Cerita wayang
Cerita wayangCerita wayang
Cerita wayang
Eddy_TKJ
 
Trah novel jawa sing njawani
Trah novel jawa sing njawaniTrah novel jawa sing njawani
Trah novel jawa sing njawani
Eri Uriyanti
 

Similaire à Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening (12)

Cerito jaka tarub
Cerito jaka tarubCerito jaka tarub
Cerito jaka tarub
 
Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar
Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar
Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar
 
kumpulan cerita rakyat dalam bahasa jawa
kumpulan cerita rakyat dalam bahasa jawakumpulan cerita rakyat dalam bahasa jawa
kumpulan cerita rakyat dalam bahasa jawa
 
Keong mas
Keong masKeong mas
Keong mas
 
Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawaLegenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
 
Cerita wayang
Cerita wayangCerita wayang
Cerita wayang
 
Crita sage (basa jawa)
Crita sage (basa jawa)Crita sage (basa jawa)
Crita sage (basa jawa)
 
Contoh soal
Contoh soalContoh soal
Contoh soal
 
Ghatotkacasraya (Kakawin Kerajaan Kediri pada masa jayabaya)
Ghatotkacasraya (Kakawin Kerajaan Kediri pada masa jayabaya)Ghatotkacasraya (Kakawin Kerajaan Kediri pada masa jayabaya)
Ghatotkacasraya (Kakawin Kerajaan Kediri pada masa jayabaya)
 
Trah novel jawa sing njawani
Trah novel jawa sing njawaniTrah novel jawa sing njawani
Trah novel jawa sing njawani
 
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari HariBab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
 
Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)
Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)
Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)
 

Plus de Agoeng R Aiueo

Lirik lagu ibu sud tanah airku
Lirik lagu ibu sud tanah airkuLirik lagu ibu sud tanah airku
Lirik lagu ibu sud tanah airku
Agoeng R Aiueo
 
Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merah
Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merahMakalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merah
Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merah
Agoeng R Aiueo
 
kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...
kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...
kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...
Agoeng R Aiueo
 
Tenses, Tense, Tensis, Bahasa Inggris
Tenses, Tense, Tensis, Bahasa InggrisTenses, Tense, Tensis, Bahasa Inggris
Tenses, Tense, Tensis, Bahasa Inggris
Agoeng R Aiueo
 

Plus de Agoeng R Aiueo (17)

Makalah kwu
Makalah kwuMakalah kwu
Makalah kwu
 
Brosur sekolah, TK, SD,
Brosur sekolah, TK, SD, Brosur sekolah, TK, SD,
Brosur sekolah, TK, SD,
 
Contoh Draft Surat penawaran
Contoh Draft Surat penawaranContoh Draft Surat penawaran
Contoh Draft Surat penawaran
 
Legenda, Cerita Rakyat Malin Kundang
Legenda, Cerita Rakyat Malin KundangLegenda, Cerita Rakyat Malin Kundang
Legenda, Cerita Rakyat Malin Kundang
 
Cerita dongeng Narrative Text Rapunzel dalam bahasa Inggris
Cerita dongeng Narrative Text Rapunzel dalam bahasa InggrisCerita dongeng Narrative Text Rapunzel dalam bahasa Inggris
Cerita dongeng Narrative Text Rapunzel dalam bahasa Inggris
 
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
 
Tata cara mengubur jenazah dalam Islam
Tata cara mengubur jenazah dalam IslamTata cara mengubur jenazah dalam Islam
Tata cara mengubur jenazah dalam Islam
 
Lirik lagu ibu sud tanah airku
Lirik lagu ibu sud tanah airkuLirik lagu ibu sud tanah airku
Lirik lagu ibu sud tanah airku
 
Cldc
CldcCldc
Cldc
 
Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merah
Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merahMakalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merah
Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuhan bawang merah
 
kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...
kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...
kata pengantar Makalah Laporan Penelitian Pengaruh cahaya terhadap pertumbuha...
 
Tabel periodik
Tabel periodikTabel periodik
Tabel periodik
 
Tenses, Tense, Tensis, Bahasa Inggris
Tenses, Tense, Tensis, Bahasa InggrisTenses, Tense, Tensis, Bahasa Inggris
Tenses, Tense, Tensis, Bahasa Inggris
 
Pengertian bandwith
Pengertian bandwithPengertian bandwith
Pengertian bandwith
 
Rhizopoda
RhizopodaRhizopoda
Rhizopoda
 
Termodinamika
TermodinamikaTermodinamika
Termodinamika
 
Peta konsep
Peta konsepPeta konsep
Peta konsep
 

Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

  • 1. Jaka Tarub dalam Bahasa Jawa Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun. Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih. Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan. Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi- manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa
  • 2. amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung. Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul. =================================================================
  • 3. Keong Mas dalam Bahasa Jawa Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula. Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.” Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong. Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone. Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi. “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?” “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.” “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?” Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan. Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa
  • 4. kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana. Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
  • 5. ASAL-USULIPUN RAWA PENING Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu. Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka. Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi. Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon. Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya. Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak. Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
  • 6. Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan. Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana. Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk- manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten. Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara. Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika. Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar. Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
  • 7. Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur. Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing. Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal- setunggala ingkang saged. Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah- kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun. Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.