Teks ini berisi nasihat Sunan Bonang kepada murid-muridnya tentang pengajaran tentang tauhid dan kesadaran akan kebesaran Allah. Sunan Bonang mengingatkan murid-muridnya untuk memahami bahwa Allah adalah Yang Maha Esa dan tidak ada sesuatu yang setara dengan-Nya. Allah adalah Yang Maha Suci dan Maha Tinggi yang disembah oleh semua makhluk.
2. Bismi’llahi’rrah’mani’rrahi
mi, wa bihi nasta’in
alhamdu lillahi rabbil
alamin,
wa shalatu ‘ala rasulihi
Muhammadin wa
washabihi ajma’in
Nyan punika caritanira Shaich
al Bari : tatkalanira apitutur
dateng mitranira kabeh ; kang
pinituturaken wirasaning Usul
Suluk – vvedaling carita
saking (2) Kitab Ihya ‘ulum
aldin lan saking Tamhid –
antukira Shaich al Bari ametet
®) i(ng) ti(ng)kahing
sisimpenaning nabi wali
mukmin kabeh
3. • PUPUH I
Mangka akecap Shaich al Bari – kang sinalametaken
dening pangeran : e-Mitraningsun! sira kabeh den
sami angimanaken wirasaning Usul Suluk i(ng)kang
kapetet ti(ng)kahing anakseni ing pangeran ; miwah
kawruhana yan sira pangeran tunggal, tan kakalih;
saksenana yan sira pangeran asifat saja suksma
mahasuci tunggalira, tan ana papadanira, kang
mahaluhur. e Mitraningsun ! den sami amiarsaha,
sampun sira sak malih ; den sami aneguhaken,
sampun gingsir idepira.
Iki si lapale tingkahing anakseni ing pangeran : “Wa
ash’hadu an la ilaha illa llahu wah’dahu, la sharika
lahu wa ash;hadu anna Muhammadan rasulu llahi”.
(3) Tegese ikU: ingsUn anakseni | kahananing pangeran
kang anama Allah, kang asifat saja suksma, langgeng
kekel wibuh sampurna purba qadim sifatira
mahasuci, orana pangeran sabenere anging Allah uga,
pangeran kang sinembah sabenere kang agung.
e-Mitraningsun ! sang siptaning lapal “ora” iku: dening
sampun awit itbat karihin, nora malih anaksenana
i(ng)kang nora yakti ; tanpa wiyos idepe wong iku
mene.